Wasabi
| Wasabi | |
|---|---|
| Wasabi (lukisan Iwasaki Kanen, 1828) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Brassicales |
| kulawarga: | Brassicaceae |
| Genus: | Wasabia |
| Species: | W. japonica |
| Jeneng binomial | |
| Wasabia japonica Matsum. |
|
Tanduran wasabi yaiku tanduran kang ana ing Jepang.[1] Tandhuran iki nduweni rasa pedhes, lan nyegrok ning irung. [1] Saliyane di tandur ing tegalan, wasabi uga bisa di tandhur ing banyu.[1] Wasabi asring digunakake kanggo bumbu ing masakan Jepang, kyata sashimi, sushi, soba, lan ochazuke.[2][1] Godhong, pang, lan rimpange ambune wangi, rasane pedhes, nanging beda karo pedhese lombok.[1]
Ing sajeroni tanduran wasabi iku ngandhut unsur kimia kang ndadekake rasa wasabi pedhes, tuladhane: isotiosianat utawa ing jeneng kimiane (6-methylthiohexyl isothiocyanate, 7-methylthioheptyl isothiocyanate, lan 8-methylthiooctyl isothiocyanate).[1] Unsur kimia iki nduweni sifat antimikroba kang isa nyegah cepet thukule bakteri.[1]
[sunting] Sajarah
Budidaya wasabi diwiwiti wiwit taun 1596-1615 ing hulu kali Abe, Utōgi, Prefektur Shizuoka. Ing wektu iku warga desa Utōgi njabut wasabi kang thukul liyar lan dielèh ing cedhak sumber banyu kang mapan ing Idōgashira. Budidaya wasabi ing Idōgashira dadi gawéyan mbudidaya wasabi kang pisanan ing Jepang. Asilé diwènèhaké marang Tokugawa Ieyasu kang urip ing Istana Sumpu. Miturut crita, Ieyasu seneng banget karo wasabi saka warga désa. Dhèwèké seneng banget amarga bentuké godhong wasabi lambang kulawarga klan Tokugawa. Miturut crita liya sumebaré wasabi ing Jepang diwiwiti ing tengah jaman EDo saka bibit tanduran wasabi kang ditampa déning Itagaki Kanshirō sabubaré ngajaraké budidaya shiitaké marang warga pedunung Utōgi.[3]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c d e f g (id)Sejarah Wasabi dari Jepang (dipunundhuh tanggal 22 maret 2011)
- ↑ http://www.japan-guide.com/e/e2311.html
- ↑ iroha-japan.net
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.