Viggo Mortensen
| Viggo Mortensen | |
|---|---|
Mortensen in March 2010. |
|
| Lair | Viggo Peter Mortensen, Jr. 20 Oktober 1958 (umur 53) New York City, New York, U.S. |
| Pakaryan | Actor, poet, musician, photographer lan painter |
| Taun aktif | 1984-saiki |
| Garwa | Exene Cervenka (1987–1998) |
Viggo Peter Mortensen, Jr. (lair 20 Oktober 1958; umur 53 taun) dheweké kuwi sutradara, aktor, fotografi, lan penyanyi saka Amérika Sarékat, kondhang amarga film A History of Violence, Hidalgo, Boiling Point lan dadi Aragorn ning film Peter Jackson's The Lord of the Rings film trilogi, bapa saka Denmark lan ibuné saka Amérika Sarékat, Dheweké dikenal uga karo jeneng Viggo Mortensen.[1] Fheweké kuwi sutradara, aktor, fotografer lan penyanyi kang kebangsaané saka Amerika Serikat.[1] Aktingé kondhang nalika main ning film A HISTORY OF VIOLENCE, HIDALGO, BOILING POINT lan perané nalika dadi Aragorn ning film kang diarah dening Peter Jackson, film kasebut judulé THE LORD OF THE RINGS trilogi.[1] Tau ngeraih nominasi oscar amarga film THE LORD OF THE RINGS.[2]
[sunting] Latar wuri
Viggo Peter Mortensen, Jr kuwi priya saka katurunan Denmark lan Amérika Sarékat iki uga njegur ning dunya musik. [1] Lagu-laguné kang tau dirilis kayata Don't Tell Me What to Do, Intelligence Failure, One Less Thing to Worry About, One Man's Meat, Live at Beyond Baroque, The Other Parade, This That and The Other, Live at Beyond Baroque 2, Pandemoniumfromamerica lan Please Tomorrow.[1] Ning dunya nulis, Dheweké kang dadi panyerat uga wus ngrilis kumpulan puisi ning taun 1993, buku seratané kasebut diwenehi judul Ten Last Night. [1] Sarta buku-buku liyané kang isiné galery kasil anggoné dheweké hunting nalika mbidik kamera.[1]
Ning kauripan pribadiné, Viggo tau nikah karo aktris Exene Cervenka nalika taun 1956. [1] Ananging pernikahané Viggo karo Exene mau akiré cerai.[1] Wong loro wus anduweni anak lanang siji kang diwenehi jeneng Henry Mortensen.[1]
[sunting] Film
Taun 2010, dheweké main film kang judulé ON THE ROAD, [[film kang diadaptasi saka novel klasik Jack Kerouac kang judulé padha karo filmé, ON THE ROAD.[2] Ning film iki Viggo dipasangaké karo Amy Adams.[2] Meranaké Old Bull Lee, lan Adams meranaké Jane, bojoné Old Bull Lee.[2] Dibantu uga karo pamain-pamain liyané, kayata Kristen Stewart, Sam Riley, Garrett Hedlund lan Kirsten Dunst.[2] Ning taun 2010, Viggo uga main film A DANGEROUS METHOD, lan meranaké psikolog Sigmund Freud.[2]