Tempuyung
| Tempuyung | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiosperms |
| (unranked): | Eudicots |
| (unranked): | Asterids |
| ordo: | Asterales |
| kulawarga: | Asteraceae |
| Suku: | Cichorieae |
| Genus: | Sonchus |
| Species: | S. arvensis |
| Jeneng binomial | |
| Sonchus arvensis L. |
|
Tempuyung kuwi sawijining jenis tetanduran liar sing bisa urip ing papan kabuka, kudu kena surya. Tanduran kang nama latine Sonchus arvensis L duwèni warna ijo lan bentukè lonjong, pucukè lancip lan pinggirè ora rata. [1] Tempuyung duwèni khasiat akèh, yaiku radang payudara, bisul, darah tinggi, kandung kencing, kandung empedu batu, lan kencing batu. Ing njeronè godhong kuwi nduwèni kalium akèh.[2]. Gunanè kalium kuwi kang nggawè watu ginjal sing bentukè kalsium karbonat rusak, amarga kalium kuwi isoh nyingkirkè kalsium nggo nggabung karo senyawa karbonat, oksalat, utawa urat kang nggawè watu ginjal akhirè watu ginjal kuwi kegawa metu karo urinè[3].
Bab lan Paragraf |
[sunting] Jinising
Akèh wujudè tetanduran iki, sing ron cilik jenengè lempung lan yèn ron gedhè dhuwurè tekan rong mèter kasebut rayana.[4]
[sunting] Rasanè
Tempuyung uga salah sawijinè tetanduran sing duwèni golongan senyawa flavonoid. Ana pelitian sing nuduhkè yèn senyawa flavonoid mlebu golongan flavon tersubstitusi yaiku 7,4'-hidroksin flavon. Yèn menawa dirasakakè tempuyung kuwi rasanè pait lan atis.[1]
[sunting] Manfaatè
Tempuyung duwè khasiat kanggo tamba[5]
- Radang payudara
- bisul
- darah tinggi, kandung kencing lan kandung empedu batu
- kencing batu
- pendengaran
- infèksi usus buntu
- disèntri
- wasir.
[sunting] Nama Liya
Gempur batu, galibug, jombang, jombang lalakina, lempung, lampenas, rayana, niu she tou (Cina).[5]
[sunting] Cathetan suku
- ↑ a b www.iptek.net.id(Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
- ↑ www.centeralhealth.com(Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
- ↑ suaramerdeka.com(Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
- ↑ www.pdpersi.co.id(Dipuntingali tanggal 23 April 2011)
- ↑ a b www.warintek.ristek.go.id(Dipuntingali tanggal 15 Mei 2011)
| Wikispecies duwé informasi ngenani |