Sistem Pétungan Internasional
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sistem Pétungan Internasional (jeneng asli jroning basa Prancis: Système International d'Unités utawa SI) iku sistem pétungan satuan utawa ukuran sing paling umum dipigunakaké. Sadurungé sistem iki nganggo sistem MKS, yaiku dawa (mèter), bobot (kilogram), lan wektu (dhetik/sekon). Sistem SI iki sacara resmi dipigunakaké ing kabèh negara ing donya kajaba Amérika Sarékat (sing migunakaké Sistem Imperial
Petungan SI [sunting]
- Meter kanggo ngukur dawa (m, L)
- Kilogram kanggo ngukur massa (kg, M)
- Dhetik kanggo ngukur wektu (s, T)
- Ampèr kanggo ngukur listrik (A, I)
- kelvin kanggo ngukur suhu (k, T)
- Mol kanggo ngukur molekul (mol, n)
- Candela kanggo ngukur cahya (cd, J)
Rong petungan tanpa dimensi yaiku radian (rad) lan steradian (sr).
Unit-unit liya [sunting]
Unit-unit liya kang bisa dijabarake saka kombinasi unit-unit dhasar:
- Newton, yaiku kg.m/s2.
- Petungan kacepetan yaiku meter/sekon (m/s)
- Petungan amba utawa jembar yaiku m2
- Pétungan isi yaiku m3
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.