Jembar

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Jembar utawa jroning Basa Indonésia: Luas kuwi kuantitas fisik sing nyatakaké ukuran sawijining permukaan. Satuan jembar utama miturut SI yakuwi meter pesagi déné miturut sistem Imperial yakuwi kaki pesagi. Pangukuran jembar kanggo wangun-wangun prasaja bisa dilakokaké kanthi migunakaké persamaan matematika. Contoné, kanggo segipapat, jembaré yakuwi amba (lébar) ping dhuwur (tinggi).

[sunting] Jembar wangun rong dimensi

Conto-conto wangun rong dimensi

Jembar sawijining wangun rong dimensi bisa diitung kanthin migunakaké èlemèn satuan jembar arupa kothak bujur sangkar (utawa wangun liya) sing diweruhi ukurané. Jembar wangun sing bakal diukur minangka gunggung èlemèn satuan jembar sing nutupi wangun kasebut. Kanggo wangun-wangun sing nduwèni kateraturan ana rumus-rumus sing bisa dipigunakaké gumantung marang karakteristik wangun rong dimensi kasebut.

Rumus jembar wangun rong dimensi
Wangun rong dimensi Karakteristik Rumus jembar
bujur sangkar sisi (s) s^2\!
segi papat dawa (p), amba (l) p l\!
bunderan (lingkaran) jari-jari (r) \pi r^2\!
segi telu (segitiga) alas (a), dhuwur (t)  at/2\!


Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Jembar"