Shakira

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Shakira

Latar wuri
Jeneng Shakira Isabel Mebarak Ripoll
Génré Latin pop, Rock en español, pop rock, alternative, world, dance, urban
Pegawéyan Penyanyi-penulis lagu, musisi, produser rekaman, philanthropist, penari, aktris
Instrumèn Vokal, gitar, harmonika,[1] drum, perkusi
Taun aktif 1990–saiki
Label Sony Music Colombia (1990—1996)
Columbia (1996—2000)
Epic (2000—saiki)
Live Nation Artists (2008—saiki)
Situs wèb www.shakira.com

Shakira Isabel Mebarak Ripoll (lair ing Kolombia, 2 Februari 1977; umur 36 taun) kondhang karo jeneng Shakira (ʃəkɪərə /, Spanyol: [tʃakiɾa] atawa [ʃakiɾa]), yakuwi penyanyi saka Kolombia, penulis lagu, musisi, produser rekaman, penari, dheweké lair lan gedhe ning Barranquilla, Kolombia, Wanita kang kondhang dadi musisi, bintang film lan penari iki populer lewat album Laundry Service, karo hit kang kondhang ning tlatah negara liyané Whenever, Wherever lan single Underneath Your Clothes (2001), Debut albumé, Magia (Magic) nalika taun 1991 dirilis nalika umuré nembé 15 taun. [2] Meski album kasebut ora olih sambutan saka para panggemaré, Shakira tetep ngelajutaké profesiné dadi penyanyi, lan ngrilis album maneh yakuwi Peligro (Danger) nalika taun 1993, lan akiré olih sambutan kang lumayan apik sapa panggermaré.[2] Ananging nalika kuwi dheweké kudu ngerampungaké sekolahé lan istirahat saka dunia hiburan.[2]

Shakira bali maneh ning dunya musik karo rilisé yakuwi album kang judulé Pies Descalzos (Bare Feet), album kuwi dirilis nalika taun 1996. [2] Nyusul sawisé kuwi Dónde están los ladrones? (ririlis nalika taun 1998), MTV Unplugged (dirilis nalika taun 2000), Laundry Service utawa Servicio de Lavanderia (dirilis nalika taun 2001), Live & Off the Record- En Vivo Y En Privado (dirilis nalika taun 2004) Fijación Oral Vol. 1 ( dirilis nalika taun 2005), Oral Fixation Vol. 2 (dirilis nalika taun 2005) lan albumé kang paling anyar yakuwi Oral Fixation Tour: Live from Miami (dirilis nalika taun 2007).[2]

Shakira tau uga main akting ning Telenovela Kolombia, kayata telenovela kang judulé EL OASIS (diputer nalika taun 1996) lan meranaké karakter Luisa Maria. [2] Ora namung kuwi, dheweké uga tau mbintangi film DARE TO LOVE ME, yakuwi film babagan musisi Carlos Gardel, kang dirilis nalika taun 2007.[2] Babagan kauripan pribadiné, dheweké tau njalin hubungan karo Antonio de la Rúa, anak saka Presiden Argentina, Fernando de la Rúa. [2] Kisahé Shakira karo Antonio tau dadi headline surat khabar ning Amerika Latin nalika sasi Maret taun 2001, amarga resmi dadi.[2] Taun 2011, ora namung ahli ning bidang nyipta tembang, dheweké mulai nyoba bisnis parfum.[2] Parfumé kang pisanan diwenehi jeneng S by Shakira Eau Florale.[3]

Diskografi [sunting]

  • 1991: Magia
  • 1993: Peligro
  • 1996: Pies Descalzos
  • 1997: The Remixes
  • 1998: ¿Dónde Están Los Ladrones?
  • 2000: MTV Unplugged
  • 2001: Laundry Service
  • 2001: Servicio de Lavanderia
  • 2002: Laundry Service: Washed & Dried
  • 2002: Grandes Éxitos
  • 2004: Live & Off the Record
  • 2005: Fijación Oral Vol. 1
  • 2005: Oral Fixation Vol. 2
  • 2009: She Wolf/Loba
  • 2010: Sale El Sol


Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ Baltin, Steve "Shakira Trots Out 'Mongoose'". Rolling Stone. November 11, 2002. Retrieved January 6, 2007.
  2. ^ a b c d e f g h i j (id)biografi Shakira dipununduh tanggal 26 Juli 2011
  3. ^ (id)berita shakira dipununduh tanggal 26 Juli 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Shakira&oldid=831428"