Sajarah Alam Semesta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Manut téori Big Bang (Jeblugan Gedhé), dadi punjering dumadiné jagad semesta iki.

Teori Big Bang[sunting | sunting sumber]

Teori Big Bang yaiku teori sing bisa ditampa kanthi ilmiah kanggo nerangaké dumadiné jagad alam samesta. Teori iki uniné yaiku: Alam semesta kacipta udakara 15.000.000.000 taun kepungkur, yaiku kedadéyan njeblugé atom prima utawa atom awal (Primeval Atom). Jeblugan iku gedhé banget lan dahsyat sing nyebabaké muncraté kabeh isi (Materi lan energi) atom prima iku ing sadéngah arah.

NKanthi dasar teori Big Bang iku, para ahli saiki wis padha khasil ngreka ulang dumadiné alam semesta seka wektu lan wektu. Diwiwiti seka kedadéyan Big Bang nganti tekan saiki malah bisa dikira kepriyé wujud alam semesta iku ing abad-abad samengko, contoné nèk Galaksi Bimasakti (Milkyway) panggonané awaké dhéwé lan galaksi tangga paling cedhak yaiku Galaksi Andromeda iku padha nyedhaki lan samengko bisa tabrakan.

Gambar Big Bang 1 ----> Gambar Big Bang 2

Prosès dumadiné alam semesta[sunting | sunting sumber]

Sawisé jeblugan gedhé (big Bang) mau, banjur ana prahara alam semesta (cosmic cataclysm)'. Alam semesta dikebaki bal-bal geni sing panas lan padhet. Seka bal-bal geni ini banjur mawujud partikel-partikel dasar lan mot-motan ènèrgi. Saka mot-motan energi mau banjur mawujud daya tenaga ing alam semesta.

Daya kakuwatan alam sing dikira pisanan kawujud yaiku daya gravitasi, banjur daya nuklir sarta daya èlèktromagnètis.

Partikel-partikel dasar yaiku èlèktron, foton, neutron, lan liya-liyané padha tubrukan kanggo sabanjuré agawé proton lan neutron. Sawasé mangsa iku sapérangan gedhé energi isih awujud radhiasi (pletikan-pletikan cahya saka bal-bal geni).

Alam semesta sansaya melar lan alon-alon wiwit adhem. Ing mangsa iki, inti atom hidrogén, hèlium, lan litium wiwit mawujud. Sabanjuré, alam semesta wiwit mlebu ing mangsa nalika suhu sing atis banget saéngga partikel-partikel èlèktron sing ngemot partikel-partikel èlèktron bisa sesambungan lan nyawiji karo inti-inti atom hidrogén lan hèlium sing pamotan postif lan banjur dadi atom-atom sing nétral.

Amarga alam semesta sansaya gedhé, padheté kalong lan suhuné sansaya adhem.

Prosès pangembangan alam semesta terus kaladuk kanthi banter banget. Daya gravitasi agawé tingkat kepdhaetan gas-gas sing kawujudaké amarga Big Bang. Saéngga, kacipta gumpalan-gumpalan awan gas. Nalika gumpalan gas kasebut sansaya padhet, intiné gumpalan gas mau uga tambah padhet matikel-tikel kanthi suhu sing uga terus tambah panas nganti titi wanciné murub lan dadi cikal bakalé bintang. Nalika kabèh kantong-kantong gas uga ing prosès sing kaya mangkono mula grombola bintang-bintan enom iki ngumpul dadi gugusan bintang (galaksi). Kabèh prosès mau, saka Big-Bang nganti dumadiné galaksi lumaku milyaran taun.

Kaya déné dumadiné bintang-bintang liya, bintangé Bumi, yaiku Srengéngé uga dumadi saka gumpalan utawa kantong pedhut gas. Gumpalan mau wujudé kaya piring lan kumléyang mubeng-mubeng. Ing pérangan tengah wiwit padhet lan tambah panas nganti murub dadi bintang. Sauntara materi sisa ing sakupengé padha tubrukan, nyawiji, lan dadi prongkolan sing banjur dadi planèt, bulan-bulan, lan [[asteroid|as†éroid]. Bumi, sing saka prongkolan cilik materi mau, dadi planèt nomer telu. Kanthi suhu sing rada adhem, planèt iki bisa kanggo urip makhluk urip.

Panyengkuyung Teori Big Bang[sunting | sunting sumber]

Teori Big Bang iki dipratélakaké déning Georges Lemaitre ing taun 1927. Dhèwèké iku pandhita kang uga ahli matematika seka Belgia.

Mataun-taun kepungkur, Edwin Hubble neteapaké teori yèn: Galaksi-galaksi ing alam s emesta iki kaboh obah ngadohi punjering alam semesta kanthi cepet banget utawa bisa kapratélakaké yèn alam semesta iki ngrembaka ing sadéngah arah. Apa sing dipratélakaké Hubble iki nguwataké teori Big Bang-é Lemaitre.

Teori Big Bang uga nduga yèn jeblugan Big Bang wis ninggalaké wekas cahya radhiasi (background radiation) lan ing taun 1964, Arzo Penzias lan Robert Wilson kasil nemokaké radhiasi pisanan iki, presis kaya sing diprakirakaké ing téori Big Bang.

Kawujudé Materi Padhet[sunting | sunting sumber]

Sawusé Big Bang nganti 300.000 taun sabubaré, wujud matèri isih arupa gas. Seka grumbulan-grumbulan gas iki banjur mawujud bintang-bintang kang gedhé ananging uripé cekak amarga banjur njeblug (supernova). Sawisé jeblugan mau, gas-gas nggumpal manèh, dadi padhet, banjur murub lan mawujud bintang-bintang manèh sing luwih cilik, njeblug manèh, ngono mau wola-wali nganti mawujud materi-materi abot ing inti bintang-bintang sing njeblug. Materi-materi padhet iku sing banjur nggawé samubarang ing alam semesta kaya saiki iki, saka bintang, planèt, nganti raga manungsa.

Dadi, materi-materi padhet digawé ing njero inti bintang liwat prosès fusi nuklir (paleburan/manunggaling materi nuklir) lan diwiwiti seka materi-materi ènthèng kaya ta hidrogen lan helium. Déné materi-materi sing luwih abot kaya déné karbon, oksigen, nitrogen lan uga wesi kagawé ing njero inti bintang amarga pancèn suhu lan tekanané luwih murakabi. Materi-materi iki kontal ing njaba angkasa nalika lintang-lintang iku njeblug.

Gambar:Sisa Ledakan Lintang Raksasa

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.