Galaksi Andromeda
Galaksi Andromeda uga ditepungi minangka Messier 31, M31, utawa NGC 224 iku salah sawijining galaksi ing sanjabané galaksi Bima Sakti sing bisa disawang kanthi mata langsung, yèn dideleng ing wengi sing cerah, tanpa bulan lan tanpa polusi cahya. Strukturé mèmper karo galaksi Bima Sakti yaiku wangun spiral. Leté watara 2,5 yuta taun cahya. Panggonané ing langit yaiku ing wilahan langit lor, watara 41 drajat ing saloré khatulistiwa langit, becik diamati watara wulan September, Oktober, November. Kanthi mata langsung, galaksi iki katon kayadéné pedhut tipis cilik ing langit lor, nanging yèn diamati nganggo tropong sing bisa ngetokaké lintang-lintang mbleret ing sapinggiring galaksi Andromeda, kanyata ukuran Andromeda bisa luwih saka ping 7 dhiamteré sudut bulan. Galaksi iki isiné watara 1 triliun lintang, lan obah nyeraki Bima Sakti kanthi kacepatan watara 300 km/detik.
Pranala njaba [sunting]
- (id) Black hole penuhi pusat galaksi Andomeda - Artikel ing Kompas Cybermedia 31 Maret 2004.
- (id) Galaksi Andomeda ternyata lebih besar dari dugaan - Artikel ing Kompas Cybermedia 31 Mei 2005.