Rusa Bawean
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng 10 Oktober 2011 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 784 menit kapungkur. |
| Rusa Bawean | |
|---|---|
| Rusa Bawean jago diwasa ing Kebun Binatang Ragunan, Jakarta | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Artiodactyla |
| Suborder: | Ruminantia |
| kulawarga: | Cervidae |
| Subkulawarga: | Cervinae |
| Genus: | Axis |
| Species: | A. kuhlii |
| Jeneng binomial | |
| Axis kuhlii Müller, 1840 |
|
Rusa Bawean (Axis kuhlii) iku salah siji jinis rusa kang mung ditemokake ing Pulau Bawean. Spesies langka iki diklasifikasikake minangka kewan kang kaancem punah.[1] Rusa Bawean pisanan kaindentifikasi ing taun 1845 kanthi jeneng Cervus Kuhlii.
Rusa bawean dhuwure 60 – 70 Cm, dawane 105 – 115 Cm, lan bobote kurang luwih 50 Kg. Dawane buntute nganti tekan 20 Cm awarna coklat lan keputian ing lempitan bageyan jerone. Rusa bawean duweni taring ing rahang ngisore. Kewan iki wulune awarna coklat, pendhek, kajaba ing bageyan gulu. Ing sakupenge mripat awarna putih trang, ing sakupenge tutuke rada trang tinimbang raine kang dipisahake karo garis awarna ireng. Bahu ngarep luwih cendhek tinimbang bageyan burine mula kaya-kaya ngundhuh kayadene kidang. Ing anak rusa aring ana tutul-tutule, nanging mung sedhiluk banjur ilang.
Rusa Bawean jago diwasa duweni tandhuk sepasang kang duweni cabang telu, dene rusa jago kang isih nom ranggahe durung duweni cabang. Ranggah mulai thukul nalika rusa umur 8 sasi. Pisanane arupa tonjolan ing pinggir dahine, banjur tambah dawa lan dhukul jangkep ing umur 20-30 sasi. Banjur ranggah bakalan tugel tanggal lan digantikake sepasang ranggah kang liyane kanthi sacabang, lan kaya mangkono trus nganti tanduk iku jangkep cabang tiga, yaiku nalika rusa umure 7 taun.
Rusa Bawean ora duweni masa musim kawin kang tetep. Saka asil paneliten masa kelairan anak rusa Bawean yaiku ing sasi Februari nganti tekan sasi Juni, kanthi masa kawine antarane sasi Juli nganti tekan sasi November.[2]
Pakan [sunting]
- Godhong Anjhujhu
- Tale Caceng
- Godhong Gundang
- Godhong Nangka
- Godhong Kenyang-kenyang
- Godhong Gheddhung
- Suket Gajah
- Suket Ladang
- Tale Atta
- Godhong ampelas
- Godhong lambese
- Godhong andudur
- Godhong pelle
- Godhong ampere
- Suket lending-ledingan
- Godhong kangkung tajhin
- Suket lapeddhung
- Godhong kacang
- Woh nangka
- Woh gheddheng
- Woh pellem, lan sapanunggalane.
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ (Basa Indonésia)bawean.net Rusa Bawean Spesies Langka yang Terlantar (kaundhuh tanggal 30 Agustus 2011)
- ^ (Basa Indonésia)rusabawean.com Tentang Rusa Bawean (Lengkap) (kaundhuh tanggal 30 Agustus 2011)
Pranala Jaba [sunting]
- (en) ultimateungulate.com
- Rusa Bawean, Kompas 19 Januari 2011.