Petungan Internasional
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
Petungan ing ndonya iku ana paugerane kang gumathok. Umume sinebut ing basa Indonesia Satuan Internasional (SI). Asline dijupuk seka basa Prancis:Système International d'Unités), kang tegese sistem unit utawa gedhene barang kang paling umum digunaake. Mula bukane, petungan iki ganggo pranatan kangggo ngetung dawa (meter), bobot (kilogram), lan wektu (dhetik). Sistem petungan iki akeh digunaake kejaba ing Amerika Serikat.
[sunting] Petungan SI
- Meter kanggo ngukur dawa (m, L)
- Kilogram kanggo ngukur massa (kg, M)
- Dhetik kanggo ngukur wektu (s, T)
- Ampèr kanggo ngukur listrik (A, I)
- kelvin kanggo ngukur suhu (k, T)
- Mol kanggo ngukur molekul (mol, n)
- Candela kanggo ngukur cahya (cd, J)
Rong petungan tanpa dimensi yaiku radian (rad) lan steradian (sr).
[sunting] Unit-unit liya
Unit-unit liya kang bisa dijabarake saka kombinasi unit-unit dhasar:
- Newton, yaiku kg.m/s2.
- Petungan kacepetan yaiku meter/sekon (m/s)
- Petungan amba utawa jembar yaiku m2
- Pétungan isi yaiku m3
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

