Pasola

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tradhisi Pasola ing Sumba

Pasola yaiku dolanan perang-perangan antarané rong klompok kang numpaki jaran lan padha mbalang lembing utawa tombak ing sawijining tanah sesuketan ing Sumba Nusa Tenggara Wétan.[1] Jeneng Pasola asalé saka tembung sola sing tegesé tombak kayu, banjur éntuk ater-ater pa- saéngga tegesé dadi dolanan kang nggunakaké tombak.[1] Pasola dadi bagéyan saka rantaman upacara tradhisional sing ditindakaké dèning wong Sumba sing isih ngenut agama asli sing diarani Marapu.[1] Padatan dolanan Pasola dianakaké ing patang désa sing ana ing Kabupaten Sumbar Barat, yaiku ing Kodi, Lamboya, Wonokala, lan Gaura.[1] Déné upacara iki kaleksanan kanthi cara giliran ing antarané wulan Februari nganti Maret saben tauné.[1] Pasola ditindakaké ing latar sing amba, ditonton warga saka rong klompok sing tandhing, masyarakat umum, uga wisatawan asing utawa lokal.[1] Saben klompok ana 100 wong enom kanthi gegaman tombak sing digawé saka kayu pucuké bujel lan diamèteré kira-kira 1,5 cm.[1]

Sujarah[sunting | sunting sumber]

Miturut crita rakyat Sumba sing ngrembaka kanthi cara turun-tumurun, tradhisi Pasola diwiwiti saka crita sawijining randha ayu sing jenengé Rabu Kaba saka désa Waiwuang.[2] Rabu Kaba duwé garwa jenengé Umbu Dulla, salah sawijiné pemimpin ing Désa Waiwuang.[2] Ing sawijining dina, Umbu Dulla pamit marang garwané arep lunga nglaut karo pemimpin adat loro liyané yaiku Ngongo Tau Masusu lan Yagi Waikareri.[2] Nanging, ing tengah dalan wong telu mau owah pamikirané lan pungkasané milih lunga menyang sisih kidul panté Sumba kanggo nandur pari.[2] Mula, wong telu mau ora bali suwé banget saéngga rakyaté padha nganggep yèn wis mati ing segara.[2] Rakyat nganakaké upacara perkabungan.[2] Ing kahanan kuwi, randha saka Umbu Dulla yaiku Rabu Kaba kasmaran karo Teda Gaiparona, salah sawijiné wong lanang saka Désa Kodi.[2]

Teda Gaiparona kepengin ndhaup Rabu Kaba nanging dipenging dèning kulawarga saka Rabu Kaba lan Teda Gaiparona. Ing pungkasané Teda Gaiparona lan Rabu Kaba kawin lari.[2] Ora suwé, Umbu Dulla bali karo pemimpin loro liyané.[2] Saiba kagèté Umbu Dulla nalika ngerti garwané wis didhaup wong liya.[2] Dhèwèké nyoba ngajak garwané bali nanging nulak amarga wis kadhung tresna marang Teda Gaiparona.[2] Kanggo nglancaraké bebojoané, Teda Gaiparona mènèhi ngganti marang Umbu Dulla sawatara belis (mahar) sing biyèn dibayaraké marang Rabu Kaba arupa jaran, sapi, kebo, lan piranti liyané.[2] Sawisé kabèh belis dilunasi, upacara panganténan Rabu Kaba lan Teda Gaiparona bisa kaleksanan.[2] Ing pungkasané adicara panganténan, Umbu Dulla njaluk warga Waiwuang nganakaké pista nangkep nyale (cacing laut) kanthi nindakaké tradhisi Pasola kanggo nglalèkaké rasa sedhihé amarga kélangan garwa.[2]

Prosèsi[sunting | sunting sumber]

Upacara pasola mesthi diwiwiti karo rantaman prosèsi adat nangkep nyale minangka wujud rasa syukur marang kanugrahaning Tuhan sing akèh kayata kasilé panèn.[2] Nyale yaiku basa dhaérah Sumba kanggo cacing laut sing yèn metu kanthi gunggung akèh ing pinggir panté, iki dadi pratandha sing apik kanggo warga. Anané nyale dadi lambang kamakmuran kanggo masyarakat Sumba lan masyarakat ing sakupengé.[2] Upacara nangkep nyale ing bengi wulan purnama lan dipandhégani dèning Para Rato, pemuka adat Sumba.[2] Sawisé nangkep nyale sing kasil bisa nangkep nyale akèh banjur disidhangaké ing ngarep Majlis Rara Rato.[2] Yèn nyale lemu, saras, lan werni-werni mratandhakaké yèn taun kasebut bakal éntuk kabecikan lan panèné kasil.[3] Sawisé kuwi nembe upacara pasola bisa kaleksanan.[3] Nanging yèn nyale gering lan ringkih, bakal nekakaké bebaya lan Pasola ora bisa kaleksanan.[3]

Saben klompok ana 100 pamuda sing agegaman sola (tombak) sing kagawé saka kayu sing pucuké bujel lan diamèteré kira-kira 1,5 cm.[2] Rong klompok kasebut padha adhep-adhepan lan padha nyerang kaya paprangan tenanan antarané rong klompok ksatria Sumba.[2] Tradhisi pasola trakadhang gawé tiwas.[2] Nanging, kapitayan Marapu, kurban sing tiba utawa tatu minangka wong sing éntuk ukuman saka para Déwa amarga wis tumindak dosa utawa salah.[2] Getih sing metu dianggep bisa nyuburaké lemah lan tetanduran ing mangsa tandur saterusé.[2]

Mupangat[sunting | sunting sumber]

Pasola nduwèni nilai sakral amarga ritual-ritual sing kudu ditindakaké dèning para tetua adat uga para peserta pasola dadi ritual njaluk pangestu.[4] Upacara adat Pasola uga bisa dadi cara kanggo nyawijikaké masyarakat Sumba.[4] Nalika pasola kaleksanan, getih sing metu saka wong sing kena tombak dianggep bisa nyuburaké lemah lan kasil panèn bisa apik.[5]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f g (id)Pasola, Permainan Perang di Sumba(dipunundhuh 8 Desember 2012)
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w (id)Tentang Tradisi Pasola(dipunundhuh 8 desember 2012)
  3. ^ a b c (id)Tradisi Pasola, Sumba(diundhuh 8 Desember 2012)
  4. ^ a b (id)Tradisi Pasola(diundhuh 8 Desember 2012)
  5. ^ (id)Cerita tentang Pasola(diundhuh 8 Desember 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Pasola&oldid=835683"