Northern Lights
Northern Lights utawa Aurora yaiku kedadeyan metuné cahya sing mbulat-mbulat ning Lapisan Ionosfer saka planèt amarga enenge interaksi antarané medan magnetik sing diduweni planèt kasebut karo partikel sing nduweni partikel muatan sing dipancarke srengéngé (maruta srengenge).[1] Ning donya, aurora iki eneng ning sisih Kutub Lor lan Kutub Kidul magnetiké.[1] Aurora sing kedaden ning sisih Lor kasebut nganggo jeneng Aurora Borealis (IPA /ɔˈɹɔɹə bɔɹiˈælɪs/), sing dijenengi Dewi Fajar Rom, Aurora, lan jeneng Yunani kanggo angin lor, Boreas.[1] Iki amarga ning Eropa, Aurora kerep keton kaya abrit-abrit ning Ufuk Lor sing kaya ketok srengéngé njedhol saka sisih kuwi.[1] Aurora Borealis mesthi eneng ing sasi September lan Oktober, Maret lan April.[1] Kadaden Aurora iki ning sisih kidul dijenengi Aurora Australis sing nduweni sifat padha.[1] Jarene, sing paneliti ionosfer, fenomena alam ing atmosfer nduwur sing kapisanan yaiku aurora.[2] Bentuke aurora ana kaya lengkung utawa mbelengkuk, garis, kaya lembara, lsp sing ketok ning wayanh bengi ning langit.[2] Miturut legenda-legenda Yunani lan Cina, aurora iku dianggep penampakan dewa/penguasa alam semesta.[2] Kedadeyan Northern Light ing wektu subuh ning kutub lor, sing ngetokke cahya saka awang-awang biasane uga bisa kasebut polar auroras, amarga umume ketok antrané 65-72 drajat lintang lor lan kidul.[2] Kedadeyan Northern Light arang-arang lan ora kethok karo mripat biasa.[2]