Na kojong
Na | |
Aksara Bali | |
Aksara Latin: | Na |
---|---|
Fonèm: | [n] |
Warga aksara: | dantya |
Gantungan: |
Na kojong utawa Na punika salah satunggaling aksara wianjana (aksara konsonan) ing sistem panyeratan aksara Bali, ingkang nglambangaken swanten /na/. Manawi dipunlatinaken, aksara punika dipunserat "Na".[1][2] Aksara punika kalebet ing warga dantya (konsonan waja/labial),[2] punika aksara ingkang nglambangaken swanten saking kasil nemplokaken lidhan ing lengkung suku waja bagèan inggil.
Fonem
[besut | besut sumber]Na kojong utawa Na dipunicapaken kados aksara "n" ing tembung: "namung" (basa Jawa), nāraka (basa Sansekerta), napi (basa Bali), nib (basa Inggris).
Panganggénipun
[besut | besut sumber]Dantya (waja) |
---|
Murdhanya (tarik-wingking) |
Talawya (langit-langit) |
Panganggénipun aksara Na kojong utawa Na sami kalih panganggénipun Na (Dewanagari: न) ing abjad basa Sansekerta.[1] Ing sistem panyeratan aksara Bali, Na diginakaken ing tetembungan ingkang gadhah swanten /n/ saking basa Bali utawa sakliyanipun. Saklawas Na kojong boten dipunparingi sandhangan swanten, lajeng punika dipunwaos "na" (waos: /nə/ utawa /na/, ndhèrèk tembungipun).
Panggantosan dhateng Na rambat
[besut | besut sumber]Manawi wonten ing tetembungan swanten /n/ ingkang dipuntumuti swanten /r/ (tuladhanipun: "warna", "purna", "sirna", dsb), lajeng manawi dipunserat ing aksara Bali, aksara N ing tembung punika kedah dipunserat kaliyan Na rambat, sanès Na kojong.[3][4] Kedah ngoten punika amargi panyeratan tetembungan ing aksara Bali kedah ningali warga aksara (laladan artikulasi tradhisional). Miturut aturan tradhisional aksara Bali, posisi lidhan rikala angicapaken swanten /r/ punika murdhanya (langit-langit atos). Saèngga manawi swanten /r/ dipuntumuti swanten /n/ (tuladhanipun aksara N ing tembung "warna") lajeng, swanten /n/ (dantya) kagantos dhateng swanten /ɳ/ (murdhanya).[3] Nanging, ing fonologi, swanten /r/ punika konsonan getar gronggongan waja, sawatawis swanten /n/ punika konsonan sengau gronggongan waja. Lajeng saking punika, laladan artikulasinipun sami namung bènten sakedhik saking aturan panyeratan aksara Bali.
Panggantosan dhateng Nya
[besut | besut sumber]Manawi ing satunggal tembung gadhah swanten /n/ (konsonan waja/warga dantya) ingkang dipuntumuti swanten /c/ utawa /ɟ/ (konsonan langit-langit (palatal)/warga talawya), lajeng swanten /n/ punika kagantos dhateng swanten /ɲ/ (konsonan sengau langit-langit).[3] Tudladhanipun: "ranjang", "pancing", "panjang", "manja", lsp. Ing aksara Bali, konsonan nasal langit-langit dipunlambangaken aksara Nya (aksara Latin: Ñ). Saèngga, manawi ing satunggal tembung wonten aksara N ingkang dipuntumuti aksara C utawa J, manawi dipunserat dhateng aksara Bali, aksara N punika kedah dipunserat ngagem Nya, sanès Na kojong.[5] Ewadéné, tiyang Indhonésiya punika langkung umum miginakaken konsonan ghésèk /t͡ʃ/ lan /d͡ʒ/ tinimbang konsonan letup /c/ lan /ɟ/. Swanten /t͡ʃ/ kados /c/ lan /d͡ʒ/ kados /ɟ/. Kalihipun dipunlambangaken kaliyan aksara C (Ca) lan J (Ja). Konsonan ghésèk punika kalebet kelompok konsonan pascarongga-waja, sanès konsonan langit-langit.
Tumut konsonan tarik-wingking
[besut | besut sumber]Manawi ing satunggal tembung wonten swanten /n/ ingkang dipuntumuti swanten /ʈ/ utawa /ɖ/ (konsonan tarik-wingking/warga murdhanya), lajeng swanten /n/ (konsonan waja) punika kagantos dhateng /ɳ/ (konsonan tarik-wingking). Saèngga, manawi ing satunggal tembung wonten aksara Na kojong dipuntumuti gantungan Ta latik utawa Da madu, aksara Na kojong punika kedah dipun-gantos kaliyan Na rambat.[6]
Ningali ugi
[besut | besut sumber]Cathetan suku
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- Tinggen, I Nengah. 1993. Pedoman Perubahan Ejaan Basa Bali dengan Huruf Latin dan Huruf Bali. Singaraja: UD. Rikha.
- Surada, I Made. 2007. Kamus Sanskerta-Indonesia. Surabaya: Penerbit Paramitha.
- Simpen, I Wayan. Pasang Aksara Bali. Diterbitkan olèh Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Laladan Tingkat I Bali.