Nya (aksara Bali)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nya
Aksara Bali
Aksara Latin:Nya; Ña
Fonèm:[ɲ]
Warga aksara:talawya
Gantungan:

Nya inggih punika salah satunggal aksara wianjana (aksara konsonan) ing sistem panyeratan aksara Bali ingkang nglambangaken /ɲ/. Manawi "Nya" ing aksara Bali dipunserat wonten ing aksara Latin, pramila sinerat "nya" utawi "ñ".

Fonem[besut | besut sumber]

Nya dipunpocapaken kados aksara "ny" utawi "ñ" ing tetembungan "nyobi" (basa Jawi), "nyamuk" (basa Indonesia), pañcan (basa Sansekerta), nyama (basa Bali).

Panganggenipun[besut | besut sumber]

Dantya (waja)
Center
Talawya (langit-langit)

Nya sinerat kanggé tetembungan ingkang gadhah swanten /ɲ/. Panganggenipun sami kaliyan ञ (ña) ing aksara Dewanagari. Nya boten dipun-ginakaken ing tetembungan ingkang gadhah konsonan dobel "ny" ingkang boten dipunpocapaken /ɲ/. Tuladhanipun tembung "Abimanyu". Konsonan [nj] ing tembung kasebat boten dipunklempak supados dados swanten sengau kados dwiasara "ny" ing tembung "nyobi". Manawi dipuneja miturut wandanipun, tembung Abimanyu dipuneja "A – bi – man – yu", sanès "A – bi – ma – nyu". Pramila punika, aksara Nya boten dipun-ginakaken.

Wonten ing sistem panyeratan mawi aksara Latin (kajawi ing nagari ingkang migunakaken aksara Latin tetambahan, mawi tandha sandhangan), tetembungan ingkang gadhah swanten nasal /n/ ingkang dipunsusul déning /c/ sinerat "nc", sawatawis manawi dipunsusul déning swanten /ɟ/ lajeng dipunserat "nj". Upaminipun tembung: "panjang", "pancing", "manja", "manca", lan sapanunggalanipun. Ing kawruh panyeratan mawi aksara Bali, manawi swanten nasal (sengau) waja /n/ dipunsusul déning swanten /c/, /tʃ/[1], /dʒ/[1] saha /ɟ/, lajeng swanten nasal katelah éwah dados swanten nasal (sengau) langit-langit /ɲ/. Perkawis punika dipunasbabi amargi miturut kawruh panyeratan aksara Bali, /n/ dipunpocapaken mawi ndemekaken waja inggil, sawatawis /ɲ/ dipunpocapaken mawi nedhakaken salira lidhah dhumateng langit-langit , migunakaken methode ingkang sami kaliyan manawi nalika mocapaken /c/ ugi /ɟ/. Pramila, aksara N ing tembung "panjang", "pancing", "manja", "manca", lsp. dipunserat nganggé aksara Nya manawi dipunsalin dhumateng aksara Bali. Amargi, aksara N ing tetembungan kasebat boten dipunpocapaken mawi nedhakaken pucuk ilat kanthi ndemek suku waja inggil, nanging mawi nedhakaken salira lidhah dhumateng langit-langit lathi, kados mocapaken "ca", "ja", utawi "nya". Perkawis punika nandhakaken tansah dipunpatrapaken ukum "regresif" ing panyeratan aksara Bali, suraosipun lambang swanten ing wingkingipun (/c/, /ɟ/) mrabawani dhumateng ingkang wonten ing ngajengipun (/n/).[2] Kanthi makaten, /n/ nyrawung piyambak kaliyan laladan artikulasi /c/ lan /ɟ/, dados /ɲ/.[2]

Ing IAST, aksara Nya dipunalihaksaraken minangka aksara N nganggé tandha tilda ing inggilipun (Ñ). Mila, manawi anyerat basa Sansekerta (utawi Kawi) nganggé aksara Latin, aksara N ingkang dipunsusul déning aksara C saha J dipun-gantos kaliyan aksara Ñ. Tuladhanipun: pañca, sañca, pañjara, sañjivanī, lsp.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Swanten langit-langit ingkang wonten ing basa Melayu.
  2. a b Aturan penulisan aksara Bali

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Tinggen, I Nengah. 1993. Pedoman Perubahan Ejaan Basa Bali dengan Huruf Latin dan Huruf Bali. Singaraja: UD. Rikha.
  • Surada, I Made. 2007. Kamus Sanskerta-Indonesia. Surabaya: Penerbit Paramitha.
  • Simpen, I Wayan. Pasang Aksara Bali. Diterbitkan olèh Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Provinsi Laladan Tingkat I Bali.

Pranala njaba[besut | besut sumber]