Cecek

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Cecek mrambat ing témbok.

Cecek utawa cecak iku kéwan reptil saing biasa ngrayap ing témbok utawa wit. Cecek awarna klawu, nanging ana uga sing awarna coklat kapara ireng. Cecek biasané nduwèni ukuran watara 10 centimeter. Cecek bebarengan karo tekèk lan sabangsané kagolong jroning suku Gekkonidae.

Bab lan Paragraf

[sunting] Etimologi

Tembung 'cecek' manawa asal saka swarané yakuwi: "cek, cek, cek". Kanthi mangkono tembung iki minangka sawijining onomatope.

[sunting] Jinis-jinis Cecek

Cecek ana sawetara jinis. Sing kerep ditemoni yakuwi:

  • Cecek tembok (Latin Cosymbotus platyurus), yang kerap ditemoni ing tembok-tembok rumah lan ing sela-sela payon. Cecek iki awaké pipih amba, buntuté amba kanthi jumbai-jumbai alus ing pinggiré.
  • Cecek kayu (Hemidactylus frenatus), sing awaké luwih kuru. Buntuté bunder, kanthi enem dèrèratn tonjolan kulit kaya eri, wiwit saka pangkal nganti tekan pucuk buntuté. Cecek kayu luwih seneng manggon ing wit-witan ing plataran, utawa ing bagéan omah sing nganggo kayu kaya ing payon.
  • Cecek gula (Gehyra mutilata), awaké luwih cilik, endhas bunder lan werna kulit transparan kaya daging. Cecek iki kerap ditemoni ing sacedhaké pawon, jedhing lan lemari panganan,golèk butir-butir sega utawa gula sing dadi kasenengané.

[sunting] Deleng uga

[sunting] Pranala njaba

[sunting] Catatan sikil

[sunting] Referensi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Cecek&oldid=590513"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès