Muslim bin al-Hajjaj

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Èlmuwan Iran
Abad tengahan

Jeneng

Muslim ibn al-Hajjaj

Lair

202 H [1] atau 206 H/ 821 M [rujukan?]

Pati

261 H / 875 M [2]

Aliran/tradisi

madzhab Syafi'i

Kawigatèn utama

hadits

Mènèhi pengaruh marang

Ahmad bin Hanbal
Muhammad al-Bukhari [3]

Al-Imam Abul Husain Muslim bin al-Hajjaj al-Qusyairi an-Naisaburi(Basa Arab: أبو الحسين مسلم بن الحجاج القشيري النيشابوري‎), utawa dikenal minangka Imam Muslim (821-875) dilairaké ing taun 204 Hijriah lan séda ping wayah soré dina Ahad sasi Rajab taun 261 Hijriah lan disarèkaké ing Naisaburi.

Imam Muslim wis sinau hadits wiwit cilik kaya Imam Bukhari lan naté krungu saka guru-guru Al Bukhari lan ulama liya. Wong sing nampa Hadits saka Imam Muslim iki, kalebu tokoh-tokoh ulama jroning jamané. Imam Muslim uga wis nyusun sawetara karangan sing mutu lan mupangati. Sing paling mupangat yaiku kitab Shahih sing dikenal kanthi istilah Shahih Muslim. Kitab iki disusun luwih sistematis saka Shahih Bukhari. Kaloro kitab hadits shahih iki; Shahih Bukhari lan Shahih Muslim biasa disebut kanthi sebutan Ash Shahihain. Kaloro tokoh hadits iki biasa disebut Asy Syaikhani utawa Asy Syaikhaini, sing maknané loro wong tuwa sing maksudé loro tokoh ulama ahli Hadits. Imam Al-Ghazali jroning kitab Ihya Ulumuddin ana istilah akhraja hu sing tegesé wong loro iku ngriwayataké.

Imam Muslim sinanu hadits wiwit isih jroning yuswa timur, yaiku wiwit taun 218 H. Panjenengané tindak menyang Hijaz, Irak, Syam, Mesir lan negara-negara liyané.

Ing Khurasan, panjenengané meguru marang Yahya bin Yahya lan Ishaq bin Rahawaih; ing Ray meguru marang Muhammad bin Mahran lan Abu `Ansan. Ing Irak panjenengané sinau hadits marang Imam Ahmad lan Abdullah bin Maslamah; ing Hijaz sinau marang Sa`id bin Mansur lan Abu Mas`Abuzar; ing Mesir meguru marang `Amr bin Sawad lan Harmalah bin Yahya, lan marang ulama ahli hadits liyané.

Karya[sunting | sunting sumber]

Imam Muslim ninggalaké karya tulis sing ora sethithik, antara liya :

  1. Al-Jami' ash-Shahih utawa luwih dikenal minangka Sahih Muslim
  2. Al-Musnad al-Kabir (kitab sing nerangaké jeneng-jeneng para perawi hadits)
  3. Kitab al-Asma wal-Kuna
  4. Kitab al-Ilal
  5. Kitab al-Aqran
  6. Kitab Su`alatihi Ahmad bin Hambal
  7. Kitab al-Intifa` bi Uhubis-Siba`
  8. Kitab al-Muhadramin
  9. Kitab Man Laisa Lahu illa Rawin Wahid
  10. Kitab Auladish-Shahabah
  11. Kitab Auhamil-Muhadditsin

Rujukan[sunting | sunting sumber]

Wikisource
Arabic Wikisource has original text related to this article:

Pranala jaba[sunting | sunting sumber]