Menara Pisa
| Menara Pisa* | |
|---|---|
| Situs Warisan Donya UNESCO | |
|
|
|
| Negara | |
| Tipe | Budaya |
| Kriteria | i, ii, iv, vi |
| Referensi | 395 |
| Wilayah† | Amérika Lor lan Èropah |
| Sajarah prasasti | |
| Prasasti resmi | 1987 (Sèsi ke-15) |
| * Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya. † Miturut klasifikasi resmi UNESCO. |
|
Menara Pisa (Basa Italia: Torre pendente di Pisa utawa dicekak Torre di Pisa) yaiku campanile utawa menara loncèng katedral ing kutha Pisa, Italia.[1] Saben pelancong sing menyang Italia ora lali nekani menara miring “Pisa” sing wis misuwur ing donya.[2] Menara kuwi digawé saka marmer, bangunan kuwi duwé jeneng Campanile kanggo nggantungaké jam gréja [rujukan?] Bangunan kang awujud segi lima kuwi digawé taun 1174.[2] Ora suwé menara kuwi dibangun pondasiné ambles ing jero lemah lan miring 4,2 meter saka garis tengahé.[3] Satus taun sawisé taun 1274, ana arsitek nambahi patang ruangan manèh gawé ngimbangi kemiringane. Nanging gandhèng majuné jaman, bangunan kuwi saya miring lan bisa dideleng nyata.[2] Dhuwuré menara iki yaiku 55,86 m saka permukaan tanah paling endèk lan 56,70 m saka permukaan tanah paling dhuwur. Ambanè tembok ing ngisoré tekan 4,09 m lan ing puncak 2,48 m. Bobote kira-kira tekan 14.500 ton. Menara Pisa nduwèni 294 anak undhak-undhakan.[2]
Menara Pisa kang megah lan éndah kuwi nduwèni pilar-pilar akèh, kori gerbang setengah bunder lan frescone(hiasan tembok) kang serasi uga kaca warna ing jero jendhéla sing pancèn agawé narik kawigatèné para pelancong.[1] Ing jero ruangan Katedral kuwi kagantung lampu lan hiasan papat patung widadari cilik.[3] Lan sing paling apik yaiku pajangan sing obah-obah dhéwé kang awujud dolanan pot-pot bunder lonjong lan lancip ing ngisore.[3]
Sajarah[sunting]
Pembangunan menara iki ana telung tahap ing wektu 200 taun. Pembangunan lantai siji saka campanile sing saka watu marmer putih dimulai saka 9 Agustus 2001.[4] Lantai siji dikupengi cagak sing ngarah miring marang lengkungan kerai.[4]
Cathetan suku[sunting]
- ^ a b (id) Metro Gaya
- ^ a b c d (id) Jajak MD dkk. 1979. 17 Keajaiban Dunia. Jakarta:Aqua Press
- ^ a b c (id)Situs Indosiar
- ^ a b (id) Erabaru.net