Mangsa gugur
Mangsa gugur iku salah siji saka patang mangsa ing dhaérah mawa iklim sedheng, mangsa peralihan saka mangsa panas menyang mangsa adhem.
Ing zona iklim sedheng, mangsa gugur iku mangsa ing endi akèh-akèhé tanduran dipanèn utawa dipetik, lan wit deciduous ngrontoké godhong-godhongé. Mangsa iki uga arupa mangsa ing endi dina-dina tambah cendhèk lan adhem (utamané ing latituda lor), lan paningkatan presipitasi ing sapérangan bagéan donya.
Ing wilahan lor bumi, mangsa gugur diwiwiti udakara tanggal 23 September tekan 21 Desember, sauntara ing wilahan kidul bumi mangsa gugur diwiwiti udakara tanggal 21 Maret tekan 21 Juni.
Sacara astronomi, bumi wiwitané saka equinox autumnal lan pungkasané ing titik walik srengéngé. Nanging, meteorologis ngétung sasi-sasi September, Oktober, lan November ing wilahan lor lan Maret, April, lan Mei ing wilahan kidul minangka mangsa gugur. Sawijining pengecualian dhéfinisi iki ditemokaké ing Kalèndher Irlandia, ing kana isih mèlu ubengan Keltik, yaiku mangsa gugur diétung saka sasi-sasi Agustus, September, lan Oktober.
Senajan dina-dina wiwit saya cendhak ing sasi Juli utawa Agustus ing latituda lor lan jroning sasi Januari lan Februari ing kidul, biasané ing sasi September utawa Maret srengéngé lingsir luwih awal.
Ing akèh negara mangsa semi arupa awal saka taun sekolah, amarga negara-negara mau biasané wiwit ing awal September utawa awal Maret gumantung saka latituda.
Pranala njaba [sunting]
- New England fall foliage, tour, report.
- Fall Foliage Trees Information on fall foliage trees for home landscaping, including pictures.
- "The Mirage of Fall - Foliage Trees" at University of Wisconsin has fall pictures of around 50 trees and 20 shrubs
- Virginia Tech's picture gallery from their dendrology department with over 100 images of trees and shrubs
- Fall Foliage Pictures A sample of fall foliage from Western Connecticut
- Autumn of animals and plants in Finland by Northern Nature Project
|
|
|||||||
| Mangsa semi | Mangsa panas | Mangsa gugur | Mangsa adhem | Mangsa katiga | Mangsa labuh | Mangsa udan | Mangsa pancaroba |
|---|---|---|---|---|---|---|---|
| 70px | 70px |
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon. ]