L. L. Zamenhof
| Ludwig Lejzer Zamenhof | |
|---|---|
| Lair | Leyzer Zamenhof 15 Desember 1859 Białystok, Kakaisaran Rusia (sapuniki Polandia) |
| Pati | 14 April 1917 (umur 57) Warsawa, Polandia |
| Kabangsan | Polandia |
| Ethnicity | Yahudi |
| Warga negara | Cithakan:Country data Russian Empire |
| Misuwur bab | Ngrancang basa Esperanto |
Dr. Ludovic Lazarus (Ludwik Lejzer) Zamenhof (
/ˈzɑːmɪnhɒf/; miyos Leyzer Leyvi Zamengov [1] 15 Desember 1859–14 April 1917) punika satunggiling warga Polandia keturunan Yahudi. Penjenenganipun ingkang ngripta basa Esperanto, basa artifisial ingkang paling kathah dipunpigunakken sapuniki. Zamenhof piyambak saleresipun punika satunggiling dhokter paningal lan basa ibunipun inggih punika basa Rusia lan basa Yiddish. Nanging panjenenganipun ugi fasih migunakaken basa Polandia lan Jerman. Lajeng ing tembe wingking, panjenenganipun ugi sinau basa Prancis, basa Latin, basa Ibrani, basa Yunani lan basa Inggris. Panjenenganipun ugi kagungan kawigatosan kaliyan basa Italia, basa Spanyol lan basa Lithuania.
Zamenhof miyos ing Bialystok, Polandia nalika taun 1859. Ing wekdal puniku kitha puniki kalebet wilayah Rusia. Ing kitha puniki dumunung tiga sukubangsa ingkang bènten: tiyang Polandia, Belarus lan Yahudi ingkang basanipun Yiddish. Zamenhof rumaos sedhih lan frustasi bilih katiga sukubangsa puniki asring bentrok lan panjenenganipun kagungan pendhapat bilih alasannipun inggih punika katiga sukubangsa wau mboten saged komunikasi setunggal kaliyan setunggalipun. Panjenenganipun lajeng menggalih menawi katiga suku bangsa wau komunikasi migunakaken basa ingkang sami, mila tiyang-tiyang ingkang asalipun saking sukubangsa ingkang bènten puniki saged nyambut damel sesarengan kanthi becik lan raos sengit bakal ical.
Nalika tasih sekolah ing SMU ing Warsawa, Zamenhof ngupados kanggé damel basanipun ingkang sepindhah. Nanging basa puniki rumit sanget, senadyan éndah. Lajeng panjenenganipun kagungan pendhapat bilih satunggiling basa kedah prasaja kanthi migunakaken tembung-tembung internasional ingkang dipunpundhut saking kathah basa.
Nalika taun 1878, proyèkipun Lingwe uniwersala mèh rampung. Nanging Zamenhof tasih kaenèmen kanggé nerbitaken karyanipun. Lajeng panjenenganipun kuliah ing Fakultas Kedokteran ing Moskwa lan Warsawa. Nalika taun 1885, Zamenhof lulus lan praktik minangka dokter paningal. Sauntawis puniki panjenenganipun tetep nerasaken proyèk basanipun.
Salaminipun kalih taun panjenenganipun ngupados pados dana lan pungkasanipun pikantuk artasaking bapa calon èstrinipun. Nalika taun 1887, bukunipun ingkang asesirah "Lingvo internacia. Antaŭparolo kaj plena lernolibro" (Basa Internasional. Tembung Pengantar lan Buku Tèks Lengkap) dipunterbitaken kanthi nami samaran pseudonim "Doktoro Esperanto" (Dokter Pangajeng-ajeng), ingkang dados nami basanipun. Kanggé Zamenhof basa puniki mboten namung alat komunikasi nanging satunggiling alat kanggé nyebaraken gagasanipun supados bangsa-bangsa ing donya saged gesang sesarengan kanthi tentrem.
Dr. Zamenhof tilar donya ing Warsawa nalika tanggal 14 April 1917.
Cathetan [sunting]
Pranala njawi [sunting]
- Zamenhof, Esperanto's founder (in English) on lernu!, an Esperanto study portal
- Zamenhof: The Life, Works, and Ideas of the Author of Esperanto by Aleksandr Korzhenkov – a 53 pages scholarly text abridged from a 2009 book (in English)
- (en) Karya-karya L. L. Zamenhof ing Proyèk Gutenberg (in Esperanto)
- ZAMENHOF, LAZARUS LUDWIG by Joseph Jacobs, Isidore Harris. Jewish Encyclopedia, 1906 ed.
- L.L. Zamenhof and the Shadow People by Esther Schor, The New Republic, December 30, 2009