Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Gedhong Kaca, Museum Hamengku Buwono IX Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat

Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipunadegaken déning Pangéran Mangkubumi. Madegipun Kraton Ngayogyakarta dipuwiwiti saking kadadosan nalika dipunawotenaken Perjanjian Giyanti ingkang wosipun inggih punika Krajan Mataram dipunpérang dados kalih inggih punika Kraton Kasunanan Surakarta saha Kraton Kasultanan Ngayogyakarta. Sasampunipun madegkaken Kraton Mataram Ngayogyakarta Pangéran Mangkubumi nggadhahi gelar Sri Sultan Hamengkubuwana I. Raja-raja Kasultanan Ngayogyakarta inggih punika wiwit saking Sri Sultan Hamengkubuwana I dumugi Sri Sultan Hamengkubuwana X. Sri Sultan Hamengkubuwana X tasih dados raja dumugi samenika. Kraton Kasultanan Ngayogyakarta nggadhahi fungsi minangka pusat pamrentahan, saha dalemipun raja sarta kulawarganipun. kajawi saking punika Kraton Kasultanan Ngayogyakarta dados pusat kabudayan wonten ing tanah Jawi.

Senaos kasultanan kasebat sacara resmi sampun dados pérangan saking Republik Indonésia ing taun 1950, komplèks bangunan kraton puniki taksih anggadhahi fungsi minangka papan panggènan sultan lan rumah tangga istananéipun ingkang taksih nguri-uri tradhisi kasultanan ngantos sapriki. Kraton punika ugi dados salah satunggiling objek wisata ing Kitha Yogyakarta. Sapérangan komplèks kraton arupi muséum ingkang nyimpen rupi-rupiu kolèksi kagungan kasultanan, kalebet peparing saking mancanegari ing antawisipun saking raja-raja Éropah, réplika pusaka kraton, lan gamelan.

Saking wujud bangunanipun, kraton punika arupi salah satunggaling tuladha arsitèktur istana Jawa ingkang paling saé, anggadhahi balairung-balairung mewah sarta lapangan paviliun ingkang jembar.[1]

Kraton Yogyakarta milai madeg déning Sultan Hamengku Buwono I sawetawis wulan sasampunipun Prejanjèn Giyanti ing taun 1755. Lokasi kraton punika kacariyos tilas pesanggarahan[2] ingkang katelah Garjitawati. Pesanggrahan punika dipunginakaken kangé istirahat iring-iringan jenazah raja-raja Mataram (Kartasura lan Surakarta) ingkang badhé kasarèkaken ing Imogiri. Versi sanès nyebataken bilih lokasi kraton arupi sendhang, Umbul Pacethokan, ingkang wonten ing satengahing wana Beringan. Sadèrèngipun dados Kraton Yogyakarta, Sultan Hamengku Buwana I manggèn wonten ing Pesanggrahan Ambar Ketawang ingkang sapunika kalebet wilayah Kecamatan Gamping Kabupatèn Sléman[3].

Sacara fisik istana para Sultan Yogyakarta anggadahi pitu komplèks inti inggih punika Siti Hinggil Lèr, Kamandhungan Lèr, Sri Manganti, Kedhaton, Kamagangan, Kamandhungan Kidul, lan Siti Hinggil Kidul[4]. Sanèsipun punika Kraton Yogyakarta anggadhahi rupi-rupi warisan budaya ingkang awangun adicara lan barang-barang kina mawisajarah. Kraton Yogyakarta uga arupi satunggaling lembaga adat pepak lan pemangku adatipun. Amargi saking punika filosofi lan ugi mitologi tansah kauri-uri ing Kraton Yogyakarta lan ing taun 1995 Komplèk Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat dipuncalonaken dados salah satunggaling Situs Warisan Donya UNESCO.

Tata ruwang lan arsitèktur umum[sunting | sunting sumber]

Arsitèk kepala istana inggih punika Sultan Hamengkubuwana I, pangadeg Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat. Keahlianipun ing babagan arsitèktur dipunkurmati déning èlmuwan Walandi, Theodoor Gautier Thomas Pigeaud lan Lucien Adam ingkang nganggep minangka "arsitèk" saking sadhèrèk Pakubuwana II Surakarta"[5]. Bangunan pokok lan desain dhasar tata ruwang saking kraton lan desain dhasar landscape kitha lami Yogyakarta[6] karampungaken antawis taun 1755-1756. Bangunan sanès katambahaken tembé wingking déning para Sultan Yogyakarta salajengipun. Wangun istana ingkang katingal sapunika sebagéyan ageng arupi asil pamugaran lan rèstorasi ingkang dipunlaksakaken déning Sultan Hamengku Buwana VIII (jumeneng nata taun 1921-1939).

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Witton, P.; Elliott, M. (2003). Indonesia (7th ed.). Footscray: Lonely Planet Publications. pp. hlm. 217. ISBN 1740591542. (lihat Ing Panelusuran Buku Google)
  2. ^ Pesanggrahan maknanipun 'istana alit' utawi 'vila'
  3. ^ Sultan Hamengku Buwana I ngalih saking Pesanggrahan Ambar Ketawang dhumateng Kraton Yogyakarta ing tanggal 7 Oktober 1756. Tanggal punika salajengipun kadadosaken tanggal madegipun kitha Yogyakarta.
  4. ^ Murdani Hadiatmadja
  5. ^ Tulisan awal
  6. ^ Kitha punika gadhah tapelwates ing sisih lèr Tugu Yogyakarta, ing sisih wétan Kali Codhé, kidul Panggung Krapyak, lan sisih kilèn Kali Winanga.