Klapa Sawit
| Klapa Sawit | |
|---|---|
| Klapa Sawit Afrika (Elaeis guineensis) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Arecales |
| kulawarga: | Arecaceae |
| Genus: | Elaeis Jacq. |
| Species | |
|
Elaeis guineensis |
|
Klapa Sawit (Elaeis guineensis) asalipun saking Afrika Kilèn, inggih wit-witan pangasil lisah nabati ingkang utami tinimbang wit-witan pengasil lisah nabati sanèsipun.[1] Klapa Sawit dibekta déning Walanda dhateng Indonésia ing taun 1848.[1] Nalika semanten wonten sekawan wit Klapa Sawit ingkang dipuntandur ing Kebun Raya Bogor (Botanical Garden Bogor), kalih wit asalipun saking Bourbon, [Mauritius]] lan ingkang kalihipun saking Hortus Botanicus, Amsterdam, Walanda.[1] Wiwitanipun wit menika dipunginakaken kangge wit-witan hias. Pambudidayaan kangge komersial nembé dipunwontenaken ing taun 1911.[1]
Tiyang ingkang ngrintis pakebunan Klapa Sawit ing Indonésia inggih menika Adrien Hallet (saking Belgia), salajengipun déning K. Schadt ingkang dados pratandha wontenipun pakebunan klapa sawit ing Indonésia.[1] Pakebunan klapa sawit ingkang kapisan wonten ing Deli lan Acèh ing Pulo Sumatra.[1] Jembar pakebunan menika ngantos 5.123 Ha.[1]
Sampun dangu, klapa sawit nggadhahi peran ingkang awrat tumrap èkonomi Indonésia lan kalebet salah satunggalipun komoditas andelan ingkang saged ngasilaken devisa negara.[2] Sasanèsipun ngasilaken kontribusi ingkang ageng dhateng devisa negara, mangfaatipun ugi relatif minggah ing saben taunipun. Taun 2003, kathahipun devisa ingkang dipunasilaken saking industri menika ngantos US$ 2,6 miliar utawi 4,3% saking sedaya ekspor Indonésia ingkang ngatos US$ 61 miliar. [2]