Kholidi Asadil Alam

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Kholidi Asadil Alam

Kholidi dalam poster Ketika Cinta Bertasbih
Lair Kholidi Asadil Alam
30 Maret 1989 (umur 23)
Pasuruan, Indonésia
Jeneng liya Odi
Pagawéyan aktor
Taun aktif 2009 - saiki
Wong tuwa Abdul Latief Adenan (ayah), Affidatuzzahro (ibu)

Kholidi Asadil Alam yaiku sawijining aktor Indonésia kang meragake tokoh Azzam jroning film Ketika Cinta Bertasbih. Tokoh Azzam yaiku sawijining mahasiswa program Sarjana ing Universitas Al-Azhar Kairo kang ngalkoni kuliyah tekan 9 taun nanging ora lulus-lulus amarag disambi dodol tempe, nggawe bakso, lan dadi tukang masak kang sarwa bisa.[1]


Bab lan Paragraf

[sunting] Lair

M. Kholidi Asadil Alam lair ing Bangil, Pasuruan, Jawa Wétan, 30 Maret 1989. Kholidi biyasa diceluk Odi, nduweni dhuwur 185 cm lan abot 80 kg, anak pambarep saka telung paseduluran.[1] Dheweke lair saka pasangan Abdul Latief Adenan lan Affidatuzzahro.[2]

[sunting] Karier

Odi sakawit cilik wis seneng donya teater. Dheweke uga melu teater nalika sekolah, lan nalika ing Jakarta nate melu Teater Ciliwung lan Teater Populer Slamet Rahardjo. Miturut Habiburrahman El Shirazy, Kholidi dianggep cedhak karo karakter tokoh Azzam.[1]


Kholidi melu proses audisi ing Jakarta. Dheweke entuk informasi saka sawijining pelukis ing Bulungan. Kholidi pindhah saka Pasuruan nalika nerusake pendhidhikan SMA ing Jakarta. Sakdurunge melu audisi, dheweke kerja ing sawijining usaha distribusi kain sarung lan dodol ayam goreng ing ngarep TMP Kalibata Jakarta.[1]

Saiki sakwise kasil jroning meragake tokoh Azzam ing film Ketika Cinta Bertasbih I dan II, Kholidi tenanan mujudake cita-citane kanggo nambah kawruh ilmu binis. Kholidi wis kedhaftar dadi mahasiswa Harvard Business School. Kholidi entuk beasiswa saka HBS kanggo ngangsu kawruh ing AS.[3]

[sunting] Filmografi

  • “Ketika Cinta Bertasbih” (2009)
  • “Ketika Cinta Bertasbih 2″ (2009.[1]

[sunting] Penampilan Liya

  • Adzan Subuh ing RCTI – 2009
  • Adzan Maghrib ing RCTI mung kanggo siaran RCTI ing Jakarta)- 2009
  • Doa puasa ing RCTI ing wulan Ramadhan– 2010
  • Doa Buka Puasa ing RCTI ing wulan Ramadhanmung kanggo siaran RCTI ing Jakarta) – 2010.[4]

[sunting] Sinetron

[sunting] Odi lan KCB

Dheweke entuk informasi audisi saka pelukis ing Bulungan yaiku mas Sis, menawa Sinemart mbuka audisi kanggo golek 5 pemeran utama kanggo film Ketika Cinta Bertasbih. Miturut mas Sis karaktere dheweke cocok karo tokoh Azzam ing novel karyane Habiburrahman El-Shirazy. Sakwise nyinaoni, banjur dheweke ngirim CV lan foto marang Sinemart lan kasil kepilih meragake tokoh Azzam.[2]

[sunting] Hobi

  • Ngaji
  • Karate
  • Voli
  • Beladhiri
  • Sepakbola.[2]

[sunting] Prestasi

Prestasi Kholidi Azadil Alam : - Juara I Peragaan Busana Muslim Jombang (2000) - Juara I Cak & Yuk Cilik Kabupaten Pasuruan - Juara I Peragaan Busana Muslim se-Jawa Timur (2001) - Juara I Duta Olahraga DKI (2005) - Duta Wisata Pulau Seribu - Juara I Liga Sepak Bola Pelajar Jakarta-Selatan - Juara II Karate Se-DKI (2006) - Juara I Turnamen Voli Tingkat SMU (2006/2007).[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e (id)[1] Kholidi Asadil Alam (diaksés tanggal 15 September 2011)
  2. a b c d (id)[2] Kholidi Asadil Alam (diaksés tanggal 15 September 2011)
  3. (id)[3] Kholidi Asadil Alam (diaksés tanggal 15 September 2011)
  4. (id)[http://www.enersi.com/2011/08/biografi-kholidi-asadil-alam.html ] Kholidi Asadil Alam (diaksés tanggal 15 September 2011)
  5. (id)[4] Kholidi Asadil Alam (diaksés tanggal 15 September 2011)
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès