Khamir
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Khamir iku fungi ekasel (uniselular) sing sapérangan jenis spesiesé umum dipigunakaké kanggo gawé roti, fermentasi ombènan ngandhut alkohol, lan malah uga dipigunakaké kanggo pacobèn sel bahan bakar. Akèh-akèhé khamir arupa anggota divisi Ascomycota, senadyan ana uga sing digolongaké sajroning Basidiomycota. Sapérangan jenis khamir, kayata Candida albicans, bisa njalari infeksi ing manungsa (kandidiasis).
Luwih saka séwu spesies khamir wis diidhèntifikasi. Khamir sing paling umum dipigunakaké yaiku Saccharomyces cerevisiae, sing dimupangataké kanggo prodhuksi anggur, roti, lan bir wiwit èwonan taun kepungkur kanthi wangunragi.
Pranala njaba [sunting]
- (en) Baker's yeast