Ascomycota
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Ascomycota | |
|---|---|
| Sarcoscypha coccinea | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Fungi |
| Subkrajan: | Dikarya |
| filum: | Ascomycota (Berk 1857) Caval.-Sm. 1998[1] |
| Subphyla/Classes | |
Ascomycota iku salah siji divisi saka jamur (fungi). Ciri-cirine Ascomycota iku duwé talus kang asalé saka misélium kang ana sekaté.[2]Ascomycota ana kang uripé dadi saproba lan ana kang uripé dadi parasit kang gawé penyakit mara tanduran.[2] Cara réprodhuksiné séksual yaiku gawé askospora ing jeroné askus. [2] Cara réprodhuksi kang aséksual iku nganggo spora konidium kang dikasilake ing pucuk konidiofor. [2] Umume askus digawé ing askokarp utawa askoma. [2] Rupané askus iku beda-beda yaiku:
- askus kang ora duwé askokarp[2]
- apotesium kang askokarpé rupané kaya mangkok[2]
- kleistotesium kang askokarpé rupané kaya bal lan ora duwé ostiulum[2]
- peritesium yaiku askus kang askokarpé rupané kaya botol kang duwé gulu lan duwé ostiulum[2]
Merga jinis askus iku ana akeh, Ascomycota dibagi dadi telung kelas yaiku:
- Hemiascomycetes, jamur jinis iki ora duwé askorkap lan ora duwé hifa. [2]
- Plectomycees, jamur jinis iki duwé askus kang jinise kleistotesium. [3] Kelompok jamur iki urip dadi saproba, parasit, lan hiperparasit. [3]
- Pyrenomycetes, jamur iki ciriné yaiku duwé askoma kang rupané khusus kang dilengkapi karo ostiolum(bolongan kanggo ngetokake askus lan askuspora). [4] Contoné Pyrenomycetes iku Neurospora sitophila kang biasané dinggo kanggo gawé oncom abang saka apas tahu utawa bungkil kacang brol. [4]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ Cavalier-Smith, T. (1998). "A revised six-kingdom system of Life". Biol. Rev. Camb. Philos. Soc. 73 (3): 203–266. doi:10.1017/S0006323198005167. http://journals.cambridge.org/action/displayIssue?jid=BRE&volumeId=73&issueId=03#.
- ^ a b c d e f g h i j (id)(Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.93)
- ^ a b (id)(Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.95)
- ^ a b (id)(Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.96)
|
||||||||