Kembang Tulip
| Tulip | |
|---|---|
| Cultivated tulip - Floriade 2005, Canberra | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| (unranked): | Angiospermae |
| (unranked): | Monocots |
| ordo: | Liliales |
| kulawarga: | Liliaceae |
| Genus: | Tulipa |
| Spesies | |
|
Pirsani teks |
|
Tulip (Tulipa) arupa jeneng genus kanggo 100 spesies tetanduran ngembang sing klebu jroning kulawarga Liliaceae. Tulip asalé saka Asia Tengah, tuwuh liar ing kawasan pagunungan Pamir lan pagunungan Hindu Kush lan stepa ing Kazakhstan. Nagari Walanda misuwur minangka nagari kembang tulip. Tulip uga arupa kembang nasional Iran lan Turki.
Tulip arupa tanduran taunan mawa umbi sing dhuwuré watara 10-70 cm, godhongé lapis lilin, wangun ciut dawa werna ijo rada biru, lan ukuran kembangé gedhé kapérang saka 6 ler godhong makutha. Tulip asil silangan ngasilaké kembang werna tunggal, abang, oranye, kuning, ijo, biru, ungu, utawa manéka macem kombinasi lan gradhasi warna. Tulip ngasilaké wiji-wiji wangun bunder gèpèng sing diwungkus kapsul garing.
Kayadéné kembang mawar, lili, anggrèk lan peony, tulip iku tetanduran ngembang sing paling akèh dibudidayakaké manungsa.
Sapérangan spesies [sunting]
Pranala njaba [sunting]
- (en) Tulips: Introduction Jinis-jinis Tulip kebon
- (en) Tulips Bloom in April, The National Capital Parks Jinis-jinis Tulip