Peony
| Peony | |
|---|---|
| Paeonia suffruticosa | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Saxifragales |
| kulawarga: | Paeoniaceae |
| Genus: | Paeonia L. |
Peony (Paeonia) iku genus tunggal kanggo tanduran hias sing kagolong keluwarga Paeoniaceae. Tanduran peony arupa tanduran rempah sing kagolong tanduran taunan (perenial). Dhuwur wiwit saka 50 cm nganti 1,5 meter. Dhuwur tanduran sing arupa tanduran semak bisa nganti 2-3 meter. Tanduran ngembang ing akir mangsa semi tekan awal mangsa panas. Kembang peony ana sing wangi, wernané bisa abang, abang tuwa, putih, jambon, kuning, utawa ungu.
Tanduran peony asalé saka Tiongkok, Eropah kidul lan Amérika Lor bagéyan kulon. Kembang peony iku kembang negara bagéyan Indiana, Amérika Sarékat.
- Spesies
- Spesies tanduran rempah (watara 30 spesies)
- Paeonia anomala
- Paeonia broteri
- Paeonia brownii (Brown's Peony)
- Paeonia californica (Peony California)
- Paeonia cambessedesii
- Paeonia clusii
- Paeonia coriacea
- Paeonia emodi
- Paeonia intermedia
- Paeonia japonica (Peony Jepang utawa Paeonia obovata)
- Paeonia kesrouanensis (Peony Syria)
- Paeonia lactiflora (Peony Tiongkok)
- Paeonia macrophylla
- Paeonia mairei
- Paeonia mascula (Peony Balkan)
- Paeonia mlokosewitschii
- Paeonia obovata
- Paeonia officinalis (Peony Eropah)
- Paeonia parnassica (Peony Yunani)
- Paeonia peregrina
- Paeonia rhodia
- Paeonia sterniana
- Paeonia tenuifolia
- Paeonia veitchii (Veitch's Peony)
- Species tanduran mawa kayu (watara 10 spesies)
- Paeonia decomposita
- Paeonia delavayi (Delavay's Tree Peony)
- Paeonia jishanensis (Jishan Peony, utawa Paeonia spontanea)
- Paeonia ludlowii (Ludlow's Tree Peony)
- Paeonia ostii (Osti's Peony)
- Paeonia potaninii
- Paeonia qiui (Qiu's Peony)
- Paeonia rockii (Rock's Peony)
- Paeonia suffruticosa (hibrida)
Mupangat [sunting]
Saliyané kembangé sing éndah disawang, bagéyan oyot Peony Tiongkok (Paeonia lactiflora) asring digunakaké jroning pangobatan tradhisional Tiongkok kanggo ngilangaké rasa lara, ngedhunaké panas, lan penyegah infèksi.
Kembang peony arupa salah siji kembang sing paling asring digunakaké jroning babagan seni ornamèn. Wiwit jaman biyèn, gambar-gambar kembang peony asring ditemokaké ing manéka jinis keramik lan lukisan-lukisan ing Tiongkok. Kutha Luoyang ing provinsi Henan misuwur minangka pusat pambibitan kembang peony. Ing Jepang, taman-taman kanthi spesialiasi kembang peony manggon ing Prefektur Shimane.
Pranala njaba [sunting]
- (en) Asosiasi Peony Kanada
- (en) Asosiasi Peony Amérika
- (en) Web Project Paeonia (foto-foto spesies peony saka saindhenging donya)
- (en) Jinis-jinis peony Prefektur Shimane