Kebon Botani Bogotá
| Kebon Botani Bogotá | |
|---|---|
|
|
|
| Informasi Umum | |
| Jenis | Kebon botani |
| Panggon | Bogotá, Kolombia |
| Koordinat | 4°40′4.8″N 74°5′52.8″W / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga |
| Taun madeg | - |
| Dioperasiaké | Pamaréntah Bogotá |
| Status | Bukak sak teruse Senin-Jemuwah: 0800 – 17:00 Setu, Minggu, dina prei:09:00 – 17:00 |
Kebun Botani Bogotá, sing uga ditepungi kanthi jeneng Kebun Botani José Celestino Mutis (Basa Spanyol: ''Jardin Botánico de Bogotá''), iku kebon botani sing paling gedhé sing ana ing negara Kolombia, sing persis-é ana ing kutha Bogotá. Kebon iki nduwèni omah kaca sing nyimpen sawenèh tanduran saka kabèh dhaérah Kolombia, sing saka dhataran dhuwur utawa dataran endhèk. Koleksiné sing misuwur yaiku kumpulan kembang-kembang saka dhaérah Amazon lan Palma de cera, uwit nasional Kolombia. Kolèksi-kolèksi liyané yaiku AmazonianVictoria Regia waterlily, Magnolia, Oak lan Pine.
Kebon iki, sing dikelola déning pamaréntahan Bogotá, uga nduwèni grojogan tiron lan laboratorium kanggo panilitèn tetanduran lan kembang-kembangaan. Saliyané iku, kebon iki uga nyedhiakaké sapérangan fasilitas umum, kayadéné perpustakaan lan meja informasi kanggo para wisatawan. Kebon iki dibukak kanggo umum saka jam 08:00 nganti jam 17:00, dina Senin nganti Jemuah. Yèn dina Setu, Minggu lan dina-dina prèi liyané, dibukak saka jam 09:00 nganti jam 17:00.
[sunting] Pranala njaba
- (es) Situs resminya
- (en) Informasine ing Basa Inggris
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.