Katuk
| Katuk | |
|---|---|
| Katuk dengan daun dan buah | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Malpighiales |
| kulawarga: | Phyllanthaceae |
| Genus: | Sauropus |
| Species: | S. androgynus |
| Jeneng binomial | |
| Sauropus androgynus |
|
Katuk kêjawi dipunginakakên kanggé sayuran ugi kénging dipunginakakên kanggé pengobatan.[1] Katuk mênika tanduran kanthi nami latin Sauropus adrogynus (L) Merr, famili Euphorbiaceae.[1] Nami sanèsipun katuk inggih mênika mêmata wontên ing basa Mêlayu, simani wontên ing basa Minangkabau, kêbing saha katukan wontên ing basa jawi, saha wontên ing basa Madura dipunwastani kerakur.[1] Katuk mênika wontên kalih jinisipun inggih menika katuk abrit saha katuk ijem.[1] Katuk abrit kathah dipuntêmokakên wontên ing alas.[1] Kêjawi mênika, katuk abrit ugi dipunginakakên kanggé tanêman hias amargi ronipun ingkang nggadhahi wêrni ingkang saé inggih mênika ijêm radi abrit.[1]
Katuk ijêm kathah dipunginakakên kanggé konsumsi kadosta dados sayuran saha obat-obatan.[1] Wontên ing Indonésia, katuk mênika dipunginaaken kanggé nglancarakên toya susu ibu (ASI).[2] Kejawi menika, katuk ugi kènging dipunginakakên kanggé obat borok, bisul, demam, saha darah kotor.[1] Samenika, ron katuk sampun dipunprodhuksi dados sediaan fitofarmaka ingkang nggadhahi khasiat kanggé nglancaraken ASI.[1] Nalika wekdal 2000 wontên sêdasa prodhuk pêlancar ASI wontên ing Indonesia ingkang ngandhut èkstrak katuk.[1] Wontên ugi ékstrak ron katuk ingkang dipunginakakên kanggé bahan fortifikasi wontên ing prodhuk daharan ingkang dipunginakaken kanggé ibu ingkang nembé nyusoni.[1] Daun katuk menika dipundhahar sasampunipun dipungodhog saha dipuntumis.[1]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.