Julius Robert Oppenheimer
| J. Robert Oppenheimer | |
|---|---|
J. Robert Oppenheimer, c. 1944
|
|
| Miyos | 22 April 1904 New York City, New York, Amerika Serikat |
| Tilar donya | 18 Februari 1967 (umur 62) Princeton, New Jersey, Amerika Serikat |
| Dalem | Amerika Serikat |
| Warga negara | Amerika Serikat |
| Bidhang | Fisika teoretis |
| Lembaga | Proyek Manhattan Universitas California, Berkeley Institut Teknologi California Institute for Advanced Study |
| Lulusan saking | Universitas Harvard Universitas Cambridge Universitas Göttingen |
| Doktoral advisor | Max Born |
| Notable students | Samuel W. Alderson David Bohm Robert Christy Stan Frankel Willis Eugene Lamb Giovanni Rossi Lomanitz Philip Morrison Melba Phillips Hartland Snyder George Volkoff |
| Kaahlian | Pengembangan senjata nuklir Limit Tolman-Oppenheimer-Volkoff Proses Oppenheimer-Phillips Perkiraan Born–Oppenheimer |
| Notable awards | Penghargaan Enrico Fermi |
Julius Robert Oppenheimer (1904-1967) dikenal dadi ahli fisika saka Amerika Serikat.[1] Robert iku dadi salah sijiné tokoh Proyek Manhattan nalika Perang Dunia II kang nduweni tugas kanggo nggawé bom atom kang sepisanan. [1] Julius Robert lair ing New York, New York lan sinau ing Harvard, Cambridge, lan Goettingen.[1] Julius Robert nampa gelar Ph.D. nalika taun 1927 kanthi bimbingan Max Born ing Gottingen kang nalika iku dadi pusat pengembangan mekanika kuantum.[1] Sawisé rong taun lulus, Julius Robert banjur mbangun sekolah fisika teoretis ing Institut Teknologi California lan ing Berkeley.[1] Julius Robert Oppenheimer akeh nyumbangaké pikiran ing babagan fisika atom lan nuklir. [1]Julius Robert uga nemokaké bintang neutron lan nolongan ireng kang wis disepelekké astronom ing wektu kepungkur.[1] Nalika PD II, Oppenheimer mimpin program bom atom Amerika Serikat ing Los Alamos, New Mexico, lan nalika taun 1947 Julius Robert dadi direktur Institute of Advanced Study ing Princeton, New Jersey.[1] Oppenheimer nduwèni akéh mungsuh nalika bubar perang, awit Julius Robert kang ngusulaké pengendalian energi atom internasional lan nentang digawéné bom hidrogen. [2]Nalika taun 1954 Atomic Energy Commission nerangake yen Robert kalebu wong kang kudu diamanake.[1]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.