Jasu
Jasu utawa Sulaman Korea (자수;刺繡) yaiku jinis kerajinan sulaman kang asale saka Korea.[1] Teknik gawe jasu (jasujang) dekenalake saka Cina tekan Korea ing mangsa Dinasti Goryeo lan ngrembaka ing masarakat Korea.[1] Wong Koréa ngrembakake jasu kanggo ndekorasi bahan tekstil lan asil kerajinan tangan iki nuduhake lingkungan panguripan lan tradisine wong-wong mau.[1]
Ing mangsa Dinasti Goryeo, kerajinan jasu ngrembaka banget lan dibedakake dadi pirang-pirang jinis, ing antrane yaiku boksik jasu, giyong jasu, gamsang jasu, lan jasu kang ana gegayutane karo agama Buddha.[1] Boksik jasu yaiku jasu kang disulam kanggo rerenggan sandhangan lan diselarasake karo status lan jabatan.[1] Jinis sulaman iki mung dugunakake dening wong-wong ing istana.[1] Giyong jasu yaiku jinis sulaman kang disulam ing pirang-pirang jinis perabotan ing istana raja.[1] Gamsang jasu yaiku jinis sulaman kang digunakake minangka karya seni kang artistik kayata sulaman ing sekat gebyog ing kamar lan ruangan omah.[1] Jasu Buddha yaiku sulaman kang gegayutan karo agama Buddha.[1]
Pameran ing Indonesia [sunting]
Pameran sulaman Korea kang wiwitan digelar ing Jakarta ing wulan Oktober 2009 ing Museum Nasional.[2] Pameran mau ditekani dening sawijining ahli sulaman tradisional kang jenenge Han Sang-soo.[2] Han Sang-soo dikenal minangka tokoh kang dianugerahi gelar aset nasional urip nomor 80 dening pemerintah Korea Kidul.[2]
Cathetan suku [sunting]
â