Dinasti Goryeo
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 61 dinten 531 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Dinasti Goryeo inggih punika dinasti ingkang dipundiriaken dening Wang Geon ing Songdo, (Kaesong ing wanci punika) saking taun 918 ngantos 1392.[1] Dinasti Goryeo gayutaken Tiga Kerajaan Akhir Korea kaliya nguasai Silla lan numbangaken kerajaan Baekje Akhir (Hubaekje) taun 935. Asma Goryeo inggih punika cekakan saking asma Kerajaan Korea, Goguryeo. Asma Korea ugi dipunpendhet saking tembung Goryeo. Ing antawisipun raja ing dinasti Goryeo, raja ke-31, inggih punika raja Gongmin menika raja ingkang ternama, sanesipun raja pendiri dinasti Goryeo, inggih punika raja Taejo ingkang asmanipun asli Wang Geon.[2] Penemuan ingkang misuhur saking Dinasti Goryeo inggih punika piranti cetak kawiwitan ing donya (taun 1234) lan Tripitaka Koreana. Dinasti Goryeo dipunpungkasi dening pemberontakan ingkang dipunlampahi dening Jenderal Yi Seong-gye taun 1392 lan dipungantos dening Dinasti Joseon.
Sejarah [sunting]
Ing pungkasan ke-9, Silla lan Balhae nembe ngelampahi kekacauan. Ing Silla, konflik internal suksesipun tahta dadosaken goncangan politik, meletus pemberontakan petani lan tuwuhipun pemimpin-pemimpin pemberontak ing tlatah-tlatah. Ing kidul , Balhae ngadepi krisis lan tekanan Dinasti Liao, kerajaan bangsa Khitan. Ing wiwit abad ke-10, lahir gerakan-gerakan kebangkitan saking bekas tiyang-tiyang Baekje lan Goguryeo kadasta Gerakan Baekje Baru lan Goguryeo Baru, ngantaraken ing Periode Tiga Kerajaan Baru. Sawetara, negeri Balhae sampun dikalahkan dening Khitan (926). Tokoh militer ingkang muncul saking tlatah ingkang asmanipun Wang Geon ndiriaken kekuatan enggal ingkang asmanipun Goryeo lan nderek para jenderal sanes kangge berpartisipasi ing politik pemerintahan. Pendiri Goryeo nganggep kerajaan menika yaiku bocah cucu Goguryeo lan nampi pengungsi-pengungsi saking Balhae kaliyan kabuka. Wiwit wanci punika Goryeo serius gancaraken ekpansi teritori ing kidul. Lahiripun Goryeo nandai pungkasan saking Periode Negara kidul lan lor lan dipunwiwiti unifikasi Korea ingkang sejatosipun. Ing taun 958, Goryeo ngadopsi sistem ujian nasional ingkang dipunginaaken kangge milih para pegawai pemerintahan dening Dinasti Sui lan Tang ing Cina. Ujian nasional punika dipunlaksanaaken milih tiyang-tiyang ingkang berkualitas ing nduduki panggenan ingkang wigati pemerintahan.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en)Koryo Dynasty, asianinfo. Akses:15-12-12.
- ^ http://rki.kbs.co.kr/indonesian/program/program_koreanstory_detail.htm?No=29606
