Jamur kuping ireng
| Jamur kuping cemeng | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Fungi |
| divisio: | Basidiomycota |
| kelas: | Heterobasidiomycetes |
| ordo: | Auriculariales |
| kulawarga: | Auriculariaceae |
| Genus: | Auricularia |
| Species: | A. polytricha |
| Jeneng binomial | |
| Auricularia polytricha (Mont.) Sacc. |
|
Jamur kuping cemeng utawi mawi basa Jawi ngoko jamur kuping ireng (Auricularia polytricha, sinonim Hirneola polytricha) menika salah setunggaling spesies jamur saking kelas Heterobasidiomycetes (jelly fungi).[1] Jamur kuping cemeng nggadhahi werni coklat tuwa radi bening.[1] Jamur menika nggadhahi wangun ingkang arupi talingan manungsa. [1] Wonten ing basa Tionghoa, jamur kuping cemeng menika dipunwastani kanthi nami (pinyin: yún ěr), (pinyin: máo mù ěr) utawi (pinyin: mù ěr).[1] Jamur kuping cemeng menika biyasanipun dipunginakaken kanggé campuran masakan Asia.[1]
Jamur kuping cemeng tuwuh wonten ing kayu ingkang sampun bosok ing panggènan ingkang teles utawi lembab.[1] Jamur kuping cemeng nalika taksih seger ketingal kados jelly utawi ager-ager, ananging nalika sampun garing ketingal mengkeret saha langkung alit tinimbang nalika taksih seger.[1]
Jamur kuping cemeng kathah dipunsadé kanthi wangun ingkang sampun garing.[1] Menawi badhé masak jamur menika kedah dipunrendhem wonten toya rumiyin.[1] Jamur kuping cemeng nalika sampun dipunmasak nggadhahi raos kados balung ingkang empuk saha mboten nggadhahi raos utawi raosipun netral.[1]
Jamur kuping cemeng ugi asring dipunginakaken kanggé bahan obat tradhisional amargi nggadhahi sifat antikoagulan.[1] Jamur kuping cemeng menika saged kanggé tamba penyakit jantung, pambuluh getih kanthi endhapan (aterosklerqsis), kanggé ngirangi kolesterol saha trigliserid, antiplatelet saha antipangenthelan getih.[2] Jamur kuping cemeng ugi saged kanggé obat antipanggetihan.[2]