Iwak Buntal
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 1002 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Iwak Buntal | |
|---|---|
| White-spotted puffer, Arothron hispidus | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| Subfilum: | Vertebrata |
| kelas: | Actinopterygii |
| Subkelas: | Neopterygii |
| Infrakelas: | Teleostei |
| ordo: | Tetraodontiformes |
| kulawarga: | Tetraodontidae |
| Genera | |
|
Arothron |
|
Iwak Buntal (Tetraodontidae) menika famili saking ulam muara lan segara saking ordo Tetraodontiformes [1]. Kanthi morfologi, ulam ingkang sami ing famili menika arupi ulam landak ingkang kagungan tulang wingking wiyar lan ageng (boten kados yulang wingking Tetradontidae ingkang langkung tipis lan namung katingal nalika ulam menika nggembung). Nama ilmiah menika merujuk dhateng waja ageng ingkang kapasang wonten ing rahang inggil lan ngandhap ingkang kaginakaken ngremukaken cangkang crustacea lan moluska mangsanipun. Ulam buntal menika kagungan nama macem-macem ingkang bentèn saben dhaérah. Kados ing Indonesia kawéntar kanthi nama buntal lan buntek. bilih wonten Basa Inggris dipunwastani Balloonfish lan Globefish [2].
Ulam buntal menika dipunpitadosi minangka vertebrata paling beracun nomor kalih saksampunipun Katak Racun Emas. Organ-organ dalem kados hati lan kulit ulam menika kagungan racun ananging wonten spesiès saking jinis ulam menika ingkang dagingipun dados panganan ing Jepang (dipunastani 河豚, dipunwaos fugu), Korea (dipunwastani bok), lan Cina (dipunsebut 河豚 he2 tun2) [2].
Ulam buntal padatanipun nganggu pemancingan amargi ulam menika asring nyambar senar lan medhot senar nganggé untunipun ingkang landhep. Taksonomi ulam buntal menika kapisan dipuntepangaken déning Linnaeus nalika taun 1758 [2].
Awak ulam buntal menika saged ngembang kados balon lan saged medalaken eri landhep kanthi tujuan njagi piyambakipun saking musuh. Spesiès menika padatanipun saged tuwuh dumugi 8-14 inci (20-35 cm), dumugi maksimun 20 inci (50 cm) lan nyebar wonten ing perairan tropis ing donya. Ulam buntal menika prédator nalika wanci dalu, padatanipun ndelik wonten ing selaning karang nalika awan lan menawi ndalu pados panganan[2].
Racun [sunting]
Ulam menika ngandhut racun ing bagéyan jero. Racun menika dipunwastani Tetrodotoksin ( TTX ). Dosis ingkang damel mati ulam buntal kanggé manungsa dipunkinten-kinten 2 mg TTX. Racun menika saged damel mati lan reaksi dhateng korbanipun ing wekdal kirang saking setengah jam. Gejala keracunan TTX menika dipunwiwiti déning rasa mual, muntah-muntah, mati rasa ing rongga lambé, salajengipun medal gangguan fungsi syaraf kanthi tanda rasa gatel ing lambé, sikil, lan tangan. Gejala salajengipun dados lumpuh lan kematian [2].