Ismail bin Katsir

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Ismail Bin Katsir (Basa Arab : إسماعيل بن كثير) langkung misuwur kanthi asma Ibnu Katsir (miyos ing Bashrah, 1301 M – séda ing Damaskus, 1373 M) punika satunggaling cendekiawan Muslim. Panjenenganipun kawentar ing tengahipun umat Islam amargi nyerat kitab tafsir Al-Qur’an.[1] Panjenenganipun kalebet ahli fiqih, mufassir utawi ahli tafsir ingkang paripurna, wasis, cerdhas, lan sajarawan ingkang ulung.[1]

Miyosipun[sunting | sunting sumber]

Asma jangkepipun Ibnu Katsir inggih menika Imamul Jalil Al-Hafiz Imamud Din, Abul Fida Isma'il ibnu Amr ibnu Kasir ibnu Dau' ibnu Kasir ibnu Zar'i Al-Basri Ad-Dimasyq.[2] Panjenenganipun miyos ing taun 701 H ing satunggaling désa Mijdal ing laladan kutha Bashrah ing negeri Syam.[3]

Kulawarga[sunting | sunting sumber]

Ramanipun asalipun saking Bashrah, ibunipun saking wewengkon Mijdal. Asma jangkep ramanipun, Syihabuddin Abu Hafsh Umar ibn Katsir, miyos udakara taun 640 H, lan séda ing wulan Jumadil ‘Ula 703 H, inggih menika satunggaling ulama ingkang wasis sarta gadhah pangaribawa ing wewengkonipun. Ramanipun misuwur minangka juru dhakwah kados dipunngendikaken Ibnu Katsir ing salebeting kitab tarikh (al-Bidâyah wa al-Nihâyah). Nalika Ibnu Katsir nembe yuswa tigang taun, ramanipun seda. Ibnu Katsir menika putra wuragil ing kulawarganipun. Taun 706 H, Ibnu Katsir pindhah lan pidalem ing Damaskus.

Pendhidhikan[sunting | sunting sumber]

Taun 707 H, Ibnu Katsir pindhah dhateng Damaskus, lan ngudi ilmu dhateng sadherekipun ingkang asmanipun Abdul Wahhab.[4] Nalika semanten Ibnu Katsir sampun apal Al-Qur’an lan remen sinau hadits, fiqih, lan tarikh.[4]

Ibnu Katsir ageng ing Damaskus. Panjeneganipun pados ilmu kathah ing kutha kasebat, salah satunggal gurunipun inggih menika Syaikh Burhanuddin Ibrahim al-Fazari. Dheweke uga nimba ilmu saka Isa bin Muth’im, Ibnu Asyakir, Ibn Syairazi, Ishaq bin Yahya bin al-Amidi, Ibn Zarrad, al-Hafizh adz-Dzahabi sarta Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah. [5] Sakliyané kuwi, dhèwèké uga merguru ing Syaikh Jamaluddin Yusuf bin Zaki al-Mizzi, salah sawijining ahli hadits ing Syam. Syaikh al-Mizzi iki banjur nikahake Ibnu Katsir karo anak wadoné. Saliyané Damaskus, dhèwèké uga sinau ing Mesir lan éntuk ijazah saka ulama-ulama ing kana.

Préstasi[sunting | sunting sumber]

Amarga sinauné sengkud, akhiré dhèwèké dadi ahli tafsir kondhang, ahli hadits, sejarawan sarta ahli fiqih gedhé abad ka-8 H. Kitabé ing babagan tafsir yaiku Tafsir Al-Qur’an al-‘Azhim dadi kitab tafsir acuan nganti saiki, sakliyané kitab tafsir Ibnu Jarir.

Para ulama ngendika yèn tafsir Ibnu Katsir yaiku seapik-apike tafsir kang ana ing zaman iki, amarga dhèwèké nduweni akeh keistimewan. Keistimewan kang paling penting yaiku nafsirake al-Qur’an karo al-Qur’an (ayat karo ayat kang bédha), nafsiraké al-Qur’an karo as-Sunnah (Hadits), banjur omongane salafush shalih (wong biyen kang sholih, yaiku para shahabat, tabi’in lan tabi’ut tabi’in), banjur karo kaidah-kaidah basa Arab.

Karya[sunting | sunting sumber]

Sakliyané tafsir al-Qur’an al-‘Azhim, dhèwèké uga nulis kitab-kitab liya kang paling apik kuwalitasé lan dadi rujukan kanggo generasi sakwisé, ing antarané yaiku :[6]

Kasaksèn saka Para Ulama[sunting | sunting sumber]

Kaaliman lan keshalihane Ibnu Katsir wis diakoni déning para ulama ing jamané utawa sakwisé. Adz-Dzahabi ngendika menawa Ibnu Katsir iku sawijining Mufti (sing mènèhi fatwa), Muhaddits (ahli hadits), ilmuan, ahli fiqih, ahli tafsir, lan nduweni karangan kang akeh lan mumpangat.

Al-Hafizh Ibnu Hajar al-‘Asqalani ngendika menawa dhèwèké iku wong kang disibukke klawan hadits, nliti matan-matan (kualitas isiné hadits) lan rijal-rijal (pawarta hadits), ingetané banget kuaté, pinter dhiskusi,uripé mung kanggo nulis kitab, lan sakwisé sedané, wong liya isih bisa njupuk manfa’at kang akèh banget saka karya-karyane.

Salah sawijining muridé, Syihabuddin bin Hajji ngendika, “Dheweke iku sawijining wong kang paling kuwat apalané sing naté tak temoni babagan matan (isi) hadits, lan paling ngerti cacat hadits sarta kahanan para perawine. Para sahahabat lan guruné uga ngakoni perkara kuwi. Nalika sesrawungan karo dhèwèké mesthi oleh manfaat."

Tilar donya[sunting | sunting sumber]

Ibnu Katsir tilar donya taun 774 H ing Damaskus lan dipunsarèkakén ing Pasarean As-Suffiyyah ing caket pasarean gurunipun, Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah.[2][7] Dipunsebataken bilih ing wekdal badhe tilar donya, Ibnu Katsir nandhang wuta paningalipun.[2]

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id)www.quranpoin.com ibnu katsir biografi singkat (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  2. ^ a b c (id)Al-Imam Abul Fida Isma'il Ibnu Kasir Ad-Dimasyqi. (2000). Tafsir Ibnu Kasir Juz 1. Bandung: Sinar Baru Algensindo (kaca:vii)
  3. ^ (id)solihin87.abatasa.com Biografi Ibnu Katsir (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  4. ^ a b (id)sigitwahyu.net Biografi Al Imam Ibnu Katsir dan kitab Al Bidayah wan Nihayah (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  5. ^ (id)rumahterjemah.com Biografi Ibnu Katsir (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  6. ^ (id)www.mail-archive.com, diaksés tanggal 13 Juli 2011.
  7. ^ (id)wartawarga.gunadarma.ac.id, Biografi Al hafidzh Ibnu Katsir (dipunaksés tanggal 13 Juli 2011).
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ismail_bin_Katsir&oldid=831123"