Menyang kontèn

Ismail bin Katsir

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Ismail Bin Katsir (Basa Arab: إسماعيل بن كثير) langkung misuwur kanthi asma Ibnu Katsir (miyos ing Bashrah, 1301 M – séda ing Damaskus, 1373 M) punika satunggaling cendekiawan Muslim. Panjenenganipun kawentar ing tengahipun umat Islam amargi nyerat kitab tapsir Al-Qur’an.[1] Panjenenganipun kalebet ahli fiqih, mufassir utawi ahli tapsir ingkang paripurna, wasis, cerdhas, lan sajarawan ingkang ulung.[1]

Miyosipun

[besut | besut sumber]

Asma jangkepipun Ibnu Katsir inggih punika Imamul Jalil Al-Hafiz Imamud Din, Abul Fida Isma'il ibnu Amr ibnu Kasir ibnu Dau' ibnu Kasir ibnu Zar'i Al-Basri Ad-Dimasyq.[2] Panjenenganipun miyos ing taun 701 H ing satunggaling désa Mijdal ing laladan kutha Bashrah ing nagari Syam.[3]

Kulawarga

[besut | besut sumber]

Ramanipun asalipun saking Bashrah, ibunipun saking wewengkon Mijdal. Asma jangkep ramanipun, Syihabuddin Abu Hafsh Umar ibn Katsir, miyos udakara taun 640 H, lan séda ing wulan Jumadil ‘Ula 703 H, inggih punika satunggaling ulama ingkang wasis sarta gadhah pangaribawa ing wewengkonipun. Ramanipun misuwur minangka juru dhakwah kados dipunngendikaken Ibnu Katsir ing salebeting kitab tarikh (al-Bidâyah wa al-Nihâyah). Nalika Ibnu Katsir nembé yuswa tigang taun, ramanipun séda. Ibnu Katsir punika putra wuragil ing kulawarganipun. Taun 706 H, Ibnu Katsir pindhah lan pidalem ing Damaskus.

Pendhidhikan

[besut | besut sumber]

Taun 707 H, Ibnu Katsir pindhah dhateng Damaskus, lan ngudi ngèlmu dhateng sadherekipun ingkang namanipun Abdul Wahhab.[4] Nalika samanten Ibnu Katsir sampun apal Al-Qur’an lan remen sinau hadits, fiqih, lan tarikh.[4]

Ibnu Katsir ageng ing Damaskus. Panjeneganipun pados ngèlmu kathah ing kutha kasebat, salah satunggal ara-araipun inggih punika Syaikh Burhanuddin Ibrahim al-Fazari. Dhèwèké uga nimba ngèlmu saka Isa bin Muth’im, Ibnu Asyakir, Ibn Syairazi, Ishaq bin Yahya bin al-Amidi, Ibn Zarrad, al-Hafizh adz-Dzahabi sarta Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah.[5] Saliyané iku, dhèwèké uga merguru ing Syaikh Jamaluddin Yusuf bin Zaki al-Mizzi, salah sawijining ahli hadits ing Syam. Syaikh al-Mizzi iki banjur nikahaké Ibnu Katsir karo anak wadoné. Saliyané Damaskus, dhèwèké uga sinau ing Mesir lan éntuk ijazah saka ulama-ulama ing kana.

Préstasi

[besut | besut sumber]

Amarga sinauné sengkud, akhiré dhèwèké dadi ahli tapsir kondhang, ahli hadits, sejarawan sarta ahli fiqih gedhé abad angka 8 H. Kitabé ing babagan tapsir ya iku Tapsir Al-Qur’an al-‘Azhim dadi kitab tapsir acuan nganti saiki, saliyané kitab tapsir Ibnu Jarir.

Para ulama ngendika yèn tapsir Ibnu Katsir ya iku seapik-apike tapsir kang ana ing jaman iki, amarga dhèwèké duwé akèh keistimewan. Keistimewan kang paling wigati ya iku nafsirake al-Qur’an karo al-Qur’an (ayat karo ayat kang bédha), nafsiraké al-Qur’an karo as-Sunat (Hadits), banjur omongane salafush shalih (wong biyèn kang sholih, ya iku para shahabat, tabi’in lan tabi’ut tabi’in), banjur karo kaidah-kaidah basa Arab.

Saliyané tapsir al-Qur’an al-‘Azhim, dhèwèké uga nulis kitab-kitab liya kang paling apik kuwalitasé lan dadi rujukan kanggo génerasi sawisé, ing antarané ya iku:[6]

Kasaksèn saka Para Ulama

[besut | besut sumber]

Kaaliman lan keshalihane Ibnu Katsir wis diakoni déning para ulama ing jamané utawa sawisé. Adz-Dzahabi ngendika manawa Ibnu Katsir iku Mufti (kang mènèhi fatwa), Muhaddits (ahli hadits), ilmuan, ahli fiqih, ahli tapsir, lan duwé karangan kang akèh lan mumpangat.

Al-Hafizh Ibnu Hajar al-‘Asqalani ngendika manawa dhèwèké iku wong kang disibukke klawan hadits, nliti matan-matan (kualitas isiné hadits) lan rijal-rijal (pawarta hadits), ingetané banget kuwaté, pinter dhiskusi, uripé mung kanggo nulis kitab, lan sawisé sedané, wong liya isih bisa njupuk manfa’at kang akèh banget saka karya-karyané.

Salah sawijining muridé, Syihabuddin bin Hajji ngendika, “Dhèwèké iku wong kang paling kuwat apalané kang naté tak temoni babagan matan (isi) hadits, lan paling ngerti cacat hadits sarta kaanan para perawine. Para sahahabat lan ara-araé uga ngakoni prakara iku. Nalika sesrawungan karo dhèwèké mesthi olèh manfaat."

Tilar donya

[besut | besut sumber]

Ibnu Katsir tilar donya taun 774 H ing Damaskus lan dipunsarèkakén ing Pasarean As-Suffiyyah ing caket pasarean ara-araipun, Syaikhul Islam Ibnu Taimiyah.[2][7] Dipunsebataken bilih ing wekdal badhé tilar donya, Ibnu Katsir nandhang wuta paningalipun.[2]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b www.quranpoin.com Archived 2011-01-01 at the Wayback Machine. ibnu katsir biografi singkat (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  2. a b c Al-Imam Abul Fida Isma'il Ibnu Kasir Ad-Dimasyqi. (2000). Tapsir Ibnu Kasir Juz 1. Bandung: Sinar Baru Algensindo (kaca:vii)
  3. solihin87.abatasa.com Archived 2011-11-14 at the Wayback Machine. Biografi Ibnu Katsir (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  4. a b sigitwahyu.net Archived 2012-02-14 at the Wayback Machine. Biografi Al Imam Ibnu Katsir dan kitab Al Bidayah wan Nihayah (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  5. rumahterjemah.com[pranala mati permanèn] Biografi Ibnu Katsir (diaksés tanggal 13 Juli 2011).
  6. www.mail-archive.com, diaksés tanggal 13 Juli 2011.
  7. wartawarga.gunadarma.ac.id Archived 2011-09-25 at the Wayback Machine., Biografi Al hafidzh Ibnu Katsir (dipunaksés tanggal 13 Juli 2011).