Ilat baya
| Ilat baya(lidah buaya) | |
|---|---|
| kembang ilat baya (lidah buaya) | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| ordo: | Asparagales |
| kulawarga: | Asphodelaceae |
| Genus: | Aloe |
| Species: | Aloe vera |
| Jeneng binomial | |
| Aloe vera (L.) Burm.f. |
|
Ilat baya utawi Lidah Buaya menika salah sawijining tetanduran. Lidah buaya utawa aloe vera gadhahi nama latin yaiku Aloebarbadensis Miller. Tetanduran menika wiwit rumiyin kathah mupangatipun. Lidah buaya menika gadhahi 72 zat ingkang dipunbetahaken dèning badan. Saking 72 zat menika wonten 18 maneka warni yaiku asam amino, karbohidrat, lemak, toya, vitamin, mineral, enzim, hormon, lan zat golongan obat. Antawisipun antibiotik, antiseptik, antibakteri, antikanker, antivirus, antijamur, antiinfeksi, antiperadangan, antipembengkakan, antiparkinson, antiaterosklerosis, sarta antivirus ingkang resisten kangge antibiotik.[1]
Ing purwanipun Aloe Vera menika sampun dipun serat wonten Rig Weda, yaiku buku ingkang miwiti ingkang ngemot obat - obatan alami wonten warsa 4,500 SM lan 1,600 SM. Wonten ing buku kala wau kasebut mupangatipun ilat baya yaiku kangge sistem reproduksi, hati, membasmi cacing, sarta mantunaken tatuh.[2] Langkung sami, efek farmakologis ilat baya menika antawisipun pencahar, memperbaiki pankreas, anti - inflamasi, lan parasiticide.Ananging tiyang putri ingkang saweg haid utawi hamil, gangguan pencernaan, gangguan ginjal mboten angsal dhaharan ilat baya.[3]
Wonten malih ingkang unik saking ilat baya menika. Ilat baya menika mboten kangge fisik panjenengan kemawon, nanging nggih kangge psikis utawi mental.[1] Ilat baya menika saged nyuda emosi panjenengan, saged ndamel panjenenganipun keraos nyaman.[4]
Kajawi paedah kala mau, Ilat Baya menika nggih saged ugi dipun dhahar. Miturut Ir Sutrisno Koswara (IPB), dhahar Ilat baya menika mbiyantu memperlancar sistem pencernaan. Amargi Ilat Baya menika nggadhahizat aloemoedin lan aloebarbadiod, kalih senyawa ingkang kalebet golongan antrakuinon.[5]