Grojogan Sèwu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Grojogan Sewu

Grojogan Sèwu kalebu salah siji curug ing Jawa Tengah.[1] Grojogan Sèwu manggon ing Tawangmangu, Kabupatèn Karanganyar, Jawa Tengah.[1] Curug Grojogan Sèwu manggon ing lèrèng Gunung Lawu.[1] Grojogan Sèwu manggon kurang luwih 27 km ing sisih timur Kutha Karanganyar.[1] Curug Grojogan Sewu kalebu bageyan saka Hutan Wisata Grojogan Sèwu.[1]

Grojogan Sèwu tegesè curug sèwu, sanajan curug ing Grojogan Sèwu cacahè ora ana sèwu, ananging ana akèh titik curug kang bisa dideleng ing kéné.[1] Curug utawa air terjun kang paling dhuwur kurang luwih 80 mètér.[1] Ana uga curug kang ora rada dhuwur ananging pancurané amba lan ana cabang-cabangé.[1] Yèn lagi wayah udan, ing sakupengé tebing bakal ana udan air terjun.[1] Ananging nalika musim panas, akéh curug kang garing.[1]

Alas Wisata Grojogan Sèwu ambané 20 Ha.[2] Kawasan alas iki akéh urip tanduran utawa werna-werna wit kang dianggo omah kethèk kang wis jinak.[2] Akéh fasilitas saka hutan wisata iki yaiku Taman Binatang Hutan, kolam renang, papan panggonan kanggo istirahat, kios panganan, kios woh-wohan lan cinderamata, mushola lan kamar mandi.[2] Grojogan Sèwu kalebu panggonan wisata kang suhuné adhem.[2] Sadurungè tekan Grojogan Sèwu para wisatawan kudu munggah andha kang dadi dalan ing Grojogan Sèwu.[2] Akeh jajanan kang bisa dadi oleh-oleh nalika piknik ing Grojogan Sèwu.[2]Ing kono uga ana jaran kang pancén diséwakaké kanggo para wisatawan.[2]


[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j (id)Grojogan Sewu kumpulan.info(dipunundhuh tanggal 15 Juni 2011)
  2. a b c d e f g (id)Grojogan Sewu Tawangmangu teamtouring.net(dipunundhuh tanggal 15 Juni 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Grojogan_Sèwu&oldid=628239"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès