Golden gate
Golden Gate yaiku selat kang nyambungaké Teluk San Fransisco karo Samudra Pasifik.[1] Wiwit taun 1930 Kreteg Golden Gate wis dibangun ing selat iki.[1] Ombak kang gedhé lan arus saka kali Sacramento lan kali San Joaquin wis nggawé saluran kang jeroné atusan meter ing selat iki.[1]
Sadurunge aba wong Éropah teka ing abad 18 dhaérah kéne dikuwasai karo Ohlone.[1]
Kreteg Golden Gate yaiku Kreteg gantung ing Golden Gate, sawijine bukaan saka Samudra Pasifik karo Teluk San Fransisco.[2] Kreteg Golden Gate nyambungaké uga kota San Fransisco, California ing Semenanjung San fransisco lan kabupatén Marin, California. [2]Dawané Kreteg Golden Gate yaiku 2.727 m.[2] Jarak saka menara yaiku 1.280 m.[2] Kreteg Golden Gate dhuwuré 230 m saka banyu ing selat iku.[2] Kreteg Golden Gate dirancang karo Joseph Strauss.[2] Dheweke teknisi kang wis ngrancang luwih saka 400 gambar Kreteg. [2] Golden Gate yaiku Kreteg paling éndah kang dadi ikon donya.[2]Pambangunan Golen Gate mulai saka insinyur lan editor koran ing San Fransisco kang jenengé Michael O'Shaughnessy.[2] Dhéwéké nduweni kawigatén kanggo mbangun Kreteg kang nyambungaké wilayah California yaiku San Fransisco lan Marin Country.[2] O'Shaugnessy wiwit konsultasi karo insinyur-insinyur ngenani bab dana lan bentuk Kreteg kang pas kanggo selat. [2] Banjur Joseph Baermann Strauss ménéhaké sketsa awal pambangunan Kreteg karo O'Shaughnessy lan Edward Rainey, Sekretaris Walikota San Francisco lan walikota James Rolph. [2] O'Shaughnessy mbutuhaké wektu setaun kanggo menehi informasi tumprap masyarakat ngenani desain Kreteg Golden Gate.[2] Strauss mromosiké idé Kreteg iku kanthi desain asliné ing pandhudhuh California Utara.[2] Dheweke uga nerangake yen dhuwit kanggo mbangun Kreteg cukup dijupuk saka pajek tol. Kreteg iki ambané 27,4 meter.[2]