Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Golden Retriever yaiku asu trah kang dikembangké dadi asu pamburu kanggo njupuk manuk buruan kang wis dibedhil.[1] Asu trah iki kagolong jenis Retriever (panjupuk) kang bisa nemokaké utawa njupuk manuk banyu utawa unggas kang isih liar kanggo pamburu.[1] Wuluné kaya emas (golden) nalika ing ngisor srengéngé, mula diarani Golden Retriever.[1] Jenis iki dikembangké dadi asu kang manut intuisi seneng karo banyu. Nalika njupuk asil buruan, asu iki ora ngrusak kéwan kang diburu.[1] Kéwan asil buruan diwènèhaké marang pamburu isih wutuh lan ora rusak.[1] Kacerdasan lan kapinteran kang manékawarna ndadèkaké Golden Retriever dadi asu kang bisa macem-macem.[1] Antarané, didadèkaké asu pelacak narkoba, asu panulung SAR (Search and Rescue), asu pamburu, lan asu panuntun wong wuta.[2] Sifaté kang seneng kekancan, sabar, lan bisa nyenengaké atiné sing duwé, gawé Golden Retreiver dadi salah sijiné asu kang paling kondhang ing donya (miturut statistik daftar asu).[2]
Wuluné kang rapet lan tahan banyu, bisa lurus utawa ngombak.[2] Wuluné biasané ngrapet ing awak, ora ngadeg.[2] Standhar American Kennel Club (AKC) nyatakaké yèn wulu kandel, werna emas kang cemlorot ing saben wayah, lan ora diakoni wulu kang padhang banget utawa peteng banget.[2] Mula kuwi putih resik lan abang branang ora diakoni.[2]
Cathetan sikil [sunting]