SAR
SAR, akronim saka Search and Rescue, yaiku kagiatan lan usaha golèk, nulung, lan nyelametaké manungsa kang ilang utawa kang lagi ngadhepi bebaya ing musibah-musibah kaya pelayaran, penerbangan, lan bencana.[1] Istilah SAR wis dienggo sacara internasional, mula ora gumun yèn wis dikenal wong ing donya kalebu ing Indonesia.[1] Operasi SAR ora mung ana ing papan kang abot, kaya ning segara, alas, gurun, ning uga ing kutha.[1] Anggota SAR kuwi yaiku wong-wong kang wis dilatih khusus kanggo nulungi korban lan ora mbebayakaké anggota SAR liyané.[1] Tim SAR kerja nalika ana musibah kayata pesawat tiba, pesawat mudhun darurat, banjur musibah ning segara kaya kapal kobong, kapal tabrakan, kapal kerem lan ngandas.[2] Semana uga ing musibah liya kaya kobongan, gunung mbledhos, sepur tabrakan lan liya-liyané.[2]
Ing sajroné bencana, operasi SAR kuwi salah sawijiné saka bagéyan siklus tanggap darurat bencana.[2] Siklus kuwi mau kagabung saka bagéyan iki, kayata nyegah (mitigasi) , siaga (preparedness), tanggap darurat (response) lan pamulihan (recovery), dadi operasi SAR kuwi pancèn bagéyan saka pakaryan kang tanggap darurat.[2]