Gober Bèbèk
| Scrooge McDuck | |
|---|---|
![]() |
|
"Gober Bebek, Bebek paling sugih ing donya.", oleh Carl Barks |
|
| Penampilan perdhana | Christmas on Bear Mountain, di majalah Donald Duck Four Color nomor 178 tahun 1947 |
| Pencipta | Carl Barks |
| Pengisi swara | Alan Young |
| Informasi kagandhèng | |
| Jeneng alias | Paman Gober, Bebek paling sugih ing donya |
| Sedulur | Donal Bebek, Kwik, Kwek dan Kwak, Fergus Bebek, Downy O'Drake, Matilda Bebek, Hortensia Bebek, Pothole Bebek |
| Kéwan ingon-ingon | |
| Kanca | Lang Ling Lung, Nona Ketik, Untung Angsa, Desi Bebek, Miki Tikus, James |
| Mungsuh | Mimi Hitam, Gerombolan Siberat, Roker Bebek, Gover Bebek |
Gober Bèbèk utawa Scrooge McDuck (lair ing Glasgow, Skotlandia taun 1867) iku salah sijine tokoh Walt Disney.[1] Paman Gober mujudake bèbèk antropomorfisme Glasgow, crita fiksi kang karipta dening Carl Barks.[2] Karakter iki wiwitan metu ing crita Christmas on Bear Mountain saka majalah Four Color Comics nomer 178, dipublikasikake dening Dell Comic nalika Desember 1947. [2] Ing taun 1952 dheweke digawekake serial komik dhewe kanthi irah-irahan Uncle Scrooge.[2] Jeneng Gober iku asale saka Dagobert Duck, adaptasi saka basa Walanda kanggo karakter Disney Scrooge Mc Duck.[2] Jeneng Scrooge dhewe dijupuk saka Ebenezer Scrooge, karakter ing novel Charles Dickens (1843).[2] Gober digambarake kanthi karakteristik jambang, kacamata, lan aksen Skotlandia kang metu ing film propaganda Disney nalika Perang Dunia II, The spirit of '43.[2] Gober, kang paklike Donald Bebek iku dinobatake dening majalah Forbes minangka tokoh kartun paling sugih ing donyaning fiksi.[2] Paman Gober dadi urutan paling sugih jalaran kasenengane nglumpukake koin emas.[2] Dheweke uga nduwe gudhang emas kang ditaksir kira-kira 44 milyar dollar Amerika Sarekat.[2] paman Gober iku digambarake minangka wong kang hemat banget, nanging iku malah ndadekake dheweke pelit lan seneng nglumpukake bandha.[2] Awit saka kuwi, Paman Gober bisa dadi bebek paling sugih.[2]
