Geisha
Geisha (basa Jepang:芸者 "seniman") yaiku seniman-penghibur (entertainer) tradhisional Jepang. Tembung geiko dianggo ing Kyoto kanggo nyebut pawongan iku. Geisha umum banget nalika abad kaping-18 lan abad kaping-19, lan isih ana nganti tekan sepréné, senajan gunggungé ora akèh. "Geisha" dilafalaké jroning basa Inggris:/ˈgeɪ ʃa/ ("gei-" - "may"). Ing Kansai, istilah "geiko" (芸妓) lan geisha awal "maiko" (舞妓) dipigunakaké wiwit Restorasi Meiji. Istilah "maiko" mung dipigunakaké ing distrik Kyoto. Pangucapan ˈgi ʃa ("gei-" - "key") utawa "kenya geisha" umum dipigunakaké nalika mangsa pendhudhukan Amérika Sarikat ing Jepang, ngandhut konotasi prostitusi. Ing Republik Rakyat Cina, tembung sing dipigunakaké yaiku "yi ji," sing pangucapané mèmper karo "ji" jroning basa Mandarin sing ateges prostitusi.
Geisha sinau akèh wangun seni jroning kauripané, ora mung kanggo ngibur pelanggan nanging uga kango kauripané. Omah-omah geisha ("Okiya") nggawa kenya-kenya sing akèh-akèhé asalé saka keluwarga miskin lan banjur nglatih kenya-kenya mau. Samangsa bocah, geisha asring nyambut gawé minangka réwang, banjur minangka geisha awal (maiko) sakwéné mangsa pelatihan.
[sunting] Delengen uga
- Kisaeng, geisha Korea
- Sayuki (紗幸), geisha Kulon non-Jepang pisanan
[sunting] Pranala njaba
- Documentary Art Photography of Real Geisha by "Naoyuki Ogino"
- Many pictures of a REAL Geisha and Maiko"Photo Gallery"
- Japanese Geisha "Information on Geisha, Maiko, and media clips of their life"
- Cohen, Kathleen, "Geisha History". School of Art and Design. San José State University.
- Patterson, Sofia, "Karyukai"
- Dorda, Cristina, "Geigi Gakko"
- Ichimame, "Maiko Blog in Japanese and English"
- Geisha Photo Gallery
- Geisha and Maiko
- Japanese Geisha
- Geisha information site
- Geisha of Japan site
- Modern Day Geisha
- Geisha and Maiko on Haruyo Morita's artwoks
- Coming of Age - Yukina: Japan. BBC documentary about a modern young woman who wishes to train to be a geisha.
- Geisha (Noise Rock Band) at MySpace