Elizabeth I saking Britania Raya
| Elizabeth I | |
|---|---|
| Elizabeth I, ratunipun Inggris lan Irlandia | |
|
|
|
| Pamaréntahan | 17 November 1558 – 24 Maret 1603 |
| Panobatan | 15 Januari 1559 |
| Didhisiki | Mary I |
| Pangganti | James I |
| House | House of Tudor |
| Bapa | Henry VIII |
| Ibu | Anne Boleyn |
| ing | Westminster Abbey |
| Tapak asma | |
Elizabeth I (miyos ing Greenwich, Inggris 7 September 1533 – tilar donya ing Richmond, Inggris, 24 Maret 1603 nalika yuswanipun 69 taun) inggih punika ratu Inggris lan Irlandia wiwit 17 November 1558 ngantos dumugi panjenenganipun tilar donya.[1] Panjenenganipun asring pikantuk sesebatan Virgin Queen (amargi dèrèng naté palakrami), sesebatan ingkang sanès inggih punika Gloriana, Good Queen Bess, lan Faere Queene.[1]
Elizabeth I inggih punika panguwaos monarki kaping nem lan ingkang pungkasan saking dinasti Tudor.[1] Ingkang ibu, Anne Boleyn tilar donya amargi dipunukum pejah amargi dipunpitenah sampun khianat dhateng raja.[1]
Ing taun 1558 sadhèrèk tirinipun, Mary ingkang agamanipun Katulik Roma ngukum Elizabeth I kanthi dipunlebetaken dhateng pakunjaran amargi Elizabeth I dipunpitados ndhèrèk pambrontakan Protestan. [1]
Ngantos dumugi sapunika, wonten ing sajarah Inggris, Ratu Elizabeth I sampun limrah dipunmangertosi dados ratu utawi raja ingkang misuwur.[2] Sekawan dasa gangsal taun, panjenenganipun dados tetunggulipun Inggris.[2] Wekdal punika Inggris dados negari ingkang makmur, gemar ripah loh jinawi, ékonomi majeng, kasusastran majeng, lan Inggris dados panguwaos samodra ingkang nomer satunggal ing jagad punika.[2] Mataun-taun Elizabeth tansah mbudidaya mbangun Angkatan Laut Inggris. [2] Ing wekdal punika Raja Phillip II saking Spanyol nyobi mbangun Angkatan Laut Spanyol supados saged nyaingi Angkatan Laut Inggris.[2] Taun 1588, Angkatan Laut Inggris kaliyan Angkatan Laut Spanyol perang.[2] Wonten ing perang punika, Inggris saged ngalahaken Spanyol. [2]
Sawetawis panyerat karya sastra ingkang misuwur saking Inggris, kalebet William Shakespeare, gesang ing jamanipun Ratu Elizabeth I. [2]