Dr. No (film)
| Dr. No | |
|---|---|
| Gambar:007DrNo.jpg Poster film Dr. No ing Amérika Sarékat. |
|
| Sutradara | Terence Young |
| Produser | Albert R. Broccoli Harry Saltzman |
| Panulis | Ian Fleming |
| Paraga | Sean Connery Joseph Wiseman Ursula Andress Jack Lord John Kitzmiller |
| Musik déning | Monty Norman |
| Distributor | United Artists |
| Tanggal rilis | |
| Durasi | 110 menit |
| Negara | Britania Raya |
| Basa | Inggris |
| Anggaran | USD 1.000.000,00 |
| Bathi reged | USD 59.600.000,00 |
| Sekuel | From Russia with Love |
Dr. No (1962) sing dibintangi d’ening Sean Connery iku film James Bond pisanan. Film iki didhasaraké marang novel mawa irah-irahan sing padha karya Ian Fleming, sing kababar ing taun 1958 lan sabanjuré diadaptasikan menyang layar jembar déning Richard Maibaum, Johanna Harwood, lan Berkely Mather. Film iki disutradarani déning Terence Young sarta diproduseri Harry Saltzman lan Albert R. Broccoli, kerja sama sing sabanjuré nganti taun 1975.
Jroning film iki, dicritakaké James Bond dikirim menyang Jamaika kanggo nginvestigasi sebab pepati agèn rahasia Inggris. Tapak tilas nuduhaké menyang papan pandhelikan Dr. No sing nduwèni encana bakal nggagalaké rencana peluncuran roket Amérika Sarékat kanthi sanjata pancaran gelombang radioaktif. Film iki ora njlèntrèhaké kepriyé Bond antuk status 00 sing mènèhi idin kanggo matèni, ananging mung nuduhaké yèn Bond iku sawijining veteran sing sugih pengalaman.
[sunting] Pranala jaba
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
|
|||||||||||||||||||||||||