Daniel Wu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Daniel Wu
Alive Daniel Wu.jpg
Jeneng Cina 吳彥祖 (Tradhisional)
Jeneng Cina 吴彦祖 (Prasaja)
Pinyin Wú Yànzǔ (Mandarin)
Jyutping Ng Yin Jou (Kanton)
Leluhur Flag of the People's Republic of China.svg Shanghai, Republik Rakyat Cina
Lair 30 September 1974 (umur 37)
Cithakan:Bendera as Berkeley, California, Amerika Serikat
Pakaryan Aktor, sutradara, model
Taun aktif 1998–sekarang
Associated acts Alive
Jeneng pasangan Lisa S. (2010-sekarang)
Daniel Wu(2011), Aktor, Sutradara lan model Hong Kong

Daniel Yin-Cho Wu (Cina tradisional: 吳彥祖; Cina prasaja: 吴彦祖; Pinyin: Wú Yànzǔ; jyutping: Ng Yin Jou) (lair ing Berkeley, California, Amerika Serikat, 30 September 1974; umur 37 taun) iku aktor, sutradara, lan model saka Hong Kong, dheweke uga tokoh saka keturunane Tionghoa-Amerika. Daniel miwiti karir ning dunya film ing taun 1990-an. Dheweké aktor kang kondhang, perkara iku kabuktekake saka panghargaan aktor anyaran kang paling apik ning film The New Police Story, film kang nggraup kauntungan nganti HKD 21 yuta.[1] [2] Nalika taun 2004, Daniel Wu mainaké peran ning film anyaré kang judulé 'Enter The Phoenix'.[3]

Film kasebut disutradarai dening Stephen Fun.[3] Film kang anggawe Daniel Wu kondhang dadi film paling apik.[2] Ing film kasebut, uga akeh aktor kang melu dadi paragane, kayata aktor kondhang Jackie Chan Nicholas Tse, Charlie Yeung lan Charlene Choi.[2] The New Police Story disutradarai dening sutradara enom kang nyetak film blockbuster lan icon anyar ning film laga Hong Kong, Benny Chan.[2] Film aksi lan kriminal, salah sijiné film Hongkong blockbuster paling gedhe ning taun 2004.[2] nyritakaké babagan aksi pilosi Chan Kwok-Wing kang diperanaké dening Jackie Chan, nalika mbrantas kelompok perampok enom kang dipimpin dening Joe Kwan, kang diperanaké dening Daniel Wu.[2] New Police Story kuwi film kang diproduksi JCE Production kang diduweni dening Jackie Chan.[2] Film iki ngasilake 8 nominasi ning acara Annual Hongkong Film Awards kaping 24, kategori gambar paling apik, kategori direktor, kategori paling apik (Jackie Chan) lan kategori aktor pandukung paling apik (Daniel Wu).[2] Saliyane iku, uga oleh 4 piyala ing acara Annual Golden Horse kaping 41 kanggo Daniel Wu, dadi aktor pandukung paling apik.[2]

Daniel Wu anduweni grup musik, grup musik kang diarani Alive diadegaké karo Terrence Yin, Andrew Lin, lan Conroy Chan.[1] Grup musik kuwi sukses lan anduweni penggemar kang akeh.[1] Nanging, meski grup musik kasebut ora anduweni perjanjian karo perusahaan rekaman.[1]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d (id)grup musik daniel wu dipununduh tanggal 8 Juli 2011
  2. a b c d e f g h i (id)daniel wu, new police story dipununduh tanggal 9 Juli 2011
  3. a b (id)Daniel Wu dipununduh tanggal 9 Juli 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Daniel_Wu&oldid=658708"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès