Ciputra
|
Ir. Ciputra
|
|
![]() |
|
|
|
|
| Lair | 24 Agustus 1931 (umur 81) Cithakan:Bendera belanda Parigi, Sulawesi Tengah, masa Hindia Belanda |
|---|---|
| Pasangan | Dian Sumeler |
| Anak | Rina Ciputra Junita Ciputra Cakra Ciputra Candra Ciputra |
| Almamater | Institut Teknologi Bandung |
| Pegawéyan | Pengusaha filantropis |
| Agama | http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ciputra&action=edit |
Ir. Ciputra (lair ing Parigi, Sulawesi Tengah, 24 Agustus 1931; umur 81 taun) inggih menika satunggalipun insinyur lan pangusaha ing Indonesia.[1] Panjenenganipun misuwur minangka pengusaha properti ingkang sukses.[1] Usaha menika ing antawisipun inggih menika Jaya Group, Metropolitan Group, lan Ciputra Group.[1] Sanesipun menika, panjenenganipun ugi kagungan universitas inggih menika Universitas Ciputra.[2]
Bab lan Paragraf |
Alit ngantos rumaja [sunting]
Ciputra, ingkang nggadhahi nami timur utawi nami alit Tjie Tjin Hoan.[1] Wiwit alit, panjenenganipun sampun ngraosaken urip susah, bapakipun ingkang asma Tjie Siem Poe ical awit dipunfitnah dados pita matanipun Belanda / Jepang.[1] Nalika remaja panjenenganipun sekolah SMP lan SMA ing Manado.[1] Sasampunipun lulus SMA, panjenenganipun kuliah ing Institut Téknologi Bandung.[1] Ing tingkat sekawan, panjenenganipun damel usaha konsultan arsitektur bangunan ingkang kantoripun ing garasi. Sasampunipun pikantuk gelar insinyur ing taun 1960, Ciputra boyongan dhateng Jakarta.[1]
Karier lan bisnis [sunting]
Sasampunipun kuliah ing ITB, Ciputra miwiti karieripun ing Jaya Group, inggih menika perusahaan dhaerah kagunganipun Pemda DKI.[1] Ciputra kerja ing Jaya Group dados direksi ngantos yuswa 65 taun, lan sasampunipun menika dados penasihat.[1] Ing perusahaan kasebat, Ciputra pikantuk kebebasan kangge mados inovasi, kalebet wonten ing pembangunan proyek Ancol.[1] Salajengipun, sareng kaliyan Budi Brasali, Sudono Salim, (Liem Soe Liong), Sudwikatmono, Djuhar Sutanto lan Ibrahim Risjad, Ciputra damel Metropolitan Group, ingkang mbangun griya-griya mewah Pondok Indah lan Kota Mandiri Bumi Serpong Damai.[1] Ing wekdal menika, panjenenganipun dados direktur utama ing Jaya Group lan ing Metropolitan Group dados presiden komisaris.[1] Pungkasanipun, Ciputra damel grup perusahaan keluarga, Ciputra Group. [1][3]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
