Bulus Ijem
| Bulus ijem utawi Chelonia mydas | |
|---|---|
| Chelonia mydas. | |
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Reptilia |
| ordo: | Testudines |
| kulawarga: | Cheloniidae |
| Genus: | Chelonia Latreille dalam Sonnini & Latreille, 1802 |
| Species: | Chelonia mydas |
| Jeneng binomial | |
| Chelonia mydas (Linnaeus, 1758) |
|
Chelonia mydas, utawi Bulus Ijem (ngoko: Bulus Ijo) inggih menika penyu seganten ingkang ukuranipun ageng lan kalebet kulawarga Cheloniidae.[1] Kéwan menika inggih menika spesies mung-mungan saking golongan Chelonia.[1] Kéwan menika gesang ing seganten tropis lan subtropis, utaminipun ing Samodra Atlantik lan Samodra Pasifik.[1] Namanipun kéwan menika dipunpendhet saking lemak awarni ijem ingkang wonten ing sangandhapipun cangkang bulus menika.[1]
Bulus ijem inggih menika jinis bulus ingkang gesang ing seganten lan kalebet kéwan poikiloterm.[2] Populasi bulus ijem kathah dipunpanggihi ing wewengkon ingkang kathah sumber pakan lan wontenipun sarang ingkang jumbuh.[2] 134
Nalika bulus Ijem badhé nigan ing pinggir seganten lan damel sarang saged dipunpengaruhi déning pinten-pinten faktor, inggih menika faktor pantai ingkang landai lan kakiyatan gelombang ingkang saged mbiyantu bulus dhateng dharatan, sanèsipun menika wontenipun alangan kados watu utawi tebing lan alangan sanèsipun saged mempengaruhi dhatengipun bulus menika ing pantai.[2]
Ing Indonésia aktivitas bulus ijem ingkang badhé nigan saged dipunpanggihi ing Pulo Jemur, ingkang limrahipun dipunwiwiti ing wulan April, lan paling kathah ing wulan Mei lan Juni.[2] Bulus ijem nggadhahi wekdal nigan ingkang temporal, kathahipun ing wulan Juni lan Juli, lan wiwit kirang anggenipun nigan ing wulan Agustus, lan pungkasanipun ing wulan September.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d "Chelonia mydas". Integrated Taxonomic Information System. http://www.itis.gov/servlet/SingleRpt/SingleRpt?search_topic=TSN&search_value=173833.
- ^ a b c d e (id)ANALISIS DISTRIBUSI SARANG PENYU HIJAU Chelonia mydas DI PULAU JEMUR RIAU dipunundhuh tanggal 24 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Pranala Njawi [sunting]
- Dhaptar abang IUCN spesies jroning bebaya cures
- Taxobox kanthi tata werna sing salah
- Artikel kanthi mikroformat spesies
- Stub/Rintisan
- Rintisan umum
- Artikel mawi basa krama
- Bulus
- Bulus Indonesia
- Fauna Asia Tenggara
- Fauna Bangladesh
- Fauna Guyana
- Fauna India
- Fauna Kamboja
- Reptil Amerika Serikat
- Reptil Amerika Tengah
- Reptil Asia
- Reptil Australia
- Reptil Filipina
- Reptil Pakistan