Penyu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Penyu
Penyu ijo Hawaii
Status konsèrvasi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Animalia
filum: Chordata
kelas: Sauropsida
ordo: Testudinata
Suborder: Cryptodira
Superkulawarga: Chelonioidea
Bauer, 1893
Genera
Penyu sing lagi ngendhog

Penyu yaiku kura segara. Penyu ditemokaké ing kabèh samudra sing ana ing donya. Miturut data para èlmuwan, penyu wis ana awit akhir zaman Jura (145 - 208 yuta taun kepungkur) utawa saumurané dinosaurus. Ing mangsa kuwi Archelon, sing dawané nem mèter lan Cimochelys wis nglangi ing segara purba kaya penyu jaman saiki.

Penyu ndarbèni tungkai ngarep awujud sikil kanggo nglangi ing banyu. Sanadyan seumur uripé ngulandara ing jero banyu, trakadang kéwan kelompok vertebrata, kelas reptilia kuwi kudu tetep munggah ing permukaan banyu kanggo ambegan. Mulané kuwi, penyu ambegan nganggo paru-paru. Padatan, penyu padha migrasi nganti jarak sing adoh nanging mung sedhéla. Jarak 3000 kilomèter bisa katempuh 58-73 dina.

Mangsa Ngendhog[sunting | sunting sumber]

Penyu ngalami siklus ngendhog sing manéka werna, saka 2 nganti 8 taun sepisan. Sawetara, penyu lanang bisa ngentekaké saumur uripé ing segara, penyu wadon trakadhang mampir ing dharatan kanggo ngendhog. Penyu wadon remen karo panté sing pasiré sepi saka jamahané manungsa, suwung, lan ora akèh kena sorotan srengéngé kanggo papan ngendhog. Penyu nggawé luwangan kanggo ngendhog nganggo tungkai buriné. Nalika ing dharatan kanggo ngendhog, bebéda awujud sorot srengéngé utawa swara bisa nggawe penyu ora sida ngendhog lan bali menyang segara. Penyu bisa ngetokaké endhog nganti atusan cacahé. Nanging, ora akèh regenerasi sing bisa dikasilaké penyu. Saka atusan endhog penyu mau, paling akèh mung welasan sing bisa dadi tukik (bayi penyu), sing bisa tekan segara lan bisa dewasa.

Ing papan-papan sing kawentar minangka papan kanggo ngendhog penyu, padatan dibangun stasiun kanggo netes kanggo ngéwangi penyu supaya akèh bayi penyu sing bisa urip. Papan-papan ing Indonesia sing kanggo stasiun netes tuladhané yaiku:

Jinis Penyu[sunting | sunting sumber]

penyu sisik

Saiki ing donya, jinis penyu sing isih urip mung ana pitu, yaiku:

Saka pitung jinis kuwi, mung Kemp's ridley sing ora tau kacathet ditemokaké ing segara Indonesia.

Jinis-jinis kasebut, penyu belimbing ndarbèni ukuran awak sing paling dawa yaiku nganti 2,75 mèter lan boboté 600-900 kilogram. Penyu lekang yaiku penyu sing paling cilik kanthi bobot mung udakara 50 kilogram. Nanging, jinis sing paling asring ditemokaké yaiku penyu ijo. Penyu ijo kuwi kéwan sing pakanané tetanduran nanging kala-kala mangan kéwan-kéwan cilik.

Populasi Penyu ing Indonesia[sunting | sunting sumber]

Populasi penyu ing Indonésia mudhun 20 nganti 30 persèn saben taun, miturut panaliti penyu, Prof. IB Windia Adnyana saka Universitas Udayana (Unud) Bali. [1] Taun 1980-1990 kecathet cacah mudhuné populasi penyu nganti 80 persèn, déné ing taun 1990-2008 kecathet mudhuné cacah populasi mung 20-30 persèn. Nanging, saiki populasi penyu ijo (Chelonia Mydas) mung 35 ewu ing saindenging Indonésia, déné penyu sisik (Eretmochelys imbricata) mung saparo saka cacah populasi penyu ijo. Cacah populasi penyu sing saya mudhun kuwi kedadèn ing dhaérah-dhaérah. Tuladhané ing Kabupatèn Banyuwangi, Jawa Wétan. Cacahé penyu saben taun saya suda malah bisa diarani wis arep punah. Saka éwonan endhog penyu mung siji sing bisa netes, iki amarga diburu manungsa uga amarga kahanan panté sing wis reged banget. Déné populasi penyu ing Kepuloan Derawan, Kabupatèn Berau, Kalimantan Timur saya mudhun saka pitung taun kepungkur. Ing taun 2004 ana 403 penyu sing ngendhog, banjur 304 ing taun 2008, 224 taun 2009, 231 taun 2010, lan dadi 259 ing taun 2011.

Isu Konservasi[sunting | sunting sumber]

Laporan saka Conservation International (CI) sing diwara-warakaké ing simposium taunan kaping 24 babagan upaya nglestarekaké penyu ing Kosta Rika, cacahé penyu blimbing mudhun saka udakara 115.000 penyu wadon dewasa dadi kurang ska 3.000 saka taun 1982. Cacahé penyu blimbing wis mudhun nganti 97% ing wektu 22 taun kepungkur. Saliyané kuwi, lima spèsiès penyu uga bisa wae punah kaya penyu blimbing kuwi. Arep kabèh jinis penyu kalebu ing dhaftar kewan sing diayomi dening Undang-Undang Nasional utawa Internasional amarga dikuwatiraké bakal punah jalaran cacahé sing saya sithik. Saliyané penyu blimbing, loro jinis penyu liyané yaiku penyu Kemp’s Ridley dan penyu sisik uga dilebokaké dadi kéwan sing kaancem punah banget dening The World Conservation Union (IUCN). Penyu ijo (Chelonia mydas), penyu lekang utawa penyu abu-abu (Lepidochelys olivacea), dan penyu tempayan utawa loggerhead (Caretta caretta) uga kagolong kéwan sing kaancem punah. Mung penyu pipih (Natator depressus) sing diprakiraké ora kaancem punah.

Wong-wong padha nganggep penyu yaiku salah sawijiné kéwan segara sing nduwèni akèh kaluwihan. Kajaba tempurungé sing narik kawigatèn kanggo barang kerajinan, dagingé uga enak menawa digawé saté penyu sing bisa kanggo obat lan racikan supaya wong wadon tambah ayu. Mliginé ing Tiongkok lan Bali, endhog penyu bisa dipangan. Sanadyan wis ana Peraturan Pemerintah Nomor 7 taun 1999 babagan Pelestarian Jenis Pelestarian Tumbuhan dan Satwa sing ngayomi kabèh jinis penyu, tetep akèh sing padha mburu penyu. Kanggo ngawekani punahé penyu, mligine penyu blimbing, negara-negara wis padha ngayomi papan sing kanggo ngendhog penyu. Salah sawijiné ing Jamursba Medi sing dumunung ing panté lor Irian. Panté kuwi wis ditetepaké dadi dhaérah konservasi. Papan liyané sing didadèkaké ngayomi panyu yaiku ing Kepulowan Derawan, Kalimantan Timur lan ing Tambelan,Bintan.

Cathetan Sikil[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Penyu&oldid=879546"