Menyang kontèn

Basa Tagalog

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Tagalog
Wikang Tagalog
Pronunciation [tɐˈɡaːloɡ]
Dituturaké ing Filipina
Wilayah Luzon Tengah lan Tagalog Kidul Luzon
Gunggung panutur 280 yuta
Rumpun basa
Sistem tulisan Aksara Latin (Tagalog/Alfabèt Filipino),
Braille Filipina
Biyèn Baybayin
Status resmi
Basa resmi ing Basa enggon-enggonan lan basa resmi ing Filipina (awujud basa Filipino)
Regulated by Komisyon sa Wikang Filipino
Kodhe basa
ISO 639-1 tl
ISO 639-2 tgl
ISO 639-3 fil – [[Basa Filipino]]
{{{mapalt}}}
Tlatahé panyatur basa Tagalog ing Filipina. Skéma warna iki nuduhaké 4 wewengkon dhialèk basa Tagalog: Dhialèk Lor, Tengah, Kidul, lan Marinduque. Mayoritas kang ndunungi provinsi Camarines Norte lan Camarines Sur mituturaké basa Bikol minangka basa ibuné, nanging ana uga minoritas wong ing provinsi iku kang nyaturaké basa Tagalog. Saliyané iku, basa Tagalog uga dicaturaké minangka basa kapindho ing saindhengé Filipina.



Basa Tagalog (Pangucapan cara Tagalog: [tɐˈɡaːloɡ]) iku salah sijiné basa Austronésia kang dadi basa ibuné saprapat kang andunungi Filipina lan dadi basa kapindho akeh-akehan warga Filipina liyané. Basa bakuné diarani Filipino, kang dadi basa jawatkara ing Filipina babarengan karo Inggris.

Basa Tagalog isih saduluran karo basa-basa Filipina liyané kaya ta basa Bikol, Ilokano, basa-basa Visayas, Kapampangan, lan basa Pangasinan, uga seduluran adoh karo basa-basa Austronésià liyané kaya ta basa-basa Formosa ing Taiwan, Malayu (basa Malaysia & Indonésia), Hawai'i, Maori, lan Malagasi.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Tembung Tagalog asalé saka éndhonim taga-log ("kang ndunungi pinggir kali"), kang uwodé saka tagá- ("saka") lan ilog ("kali"). Juru basawidya kaya Dr. David Zorc lan Dr. Robert Blust ngira-ira yèn pamocap basa Tagalog lan basa-basa Filipina Tengah mula bukané saka Mindanao wétan-lor utawa Visayas wétan.[1][2]

Cathetan kapisan abasa Tagalog iku Prasasti Laguna, saka taun 900 Masèhi kang isiné fragmèn abasa Sangsekerta, Malayu Kuna, Jawa, lan Tagalog Kuna. Éwa samono, buku pepak pisanan kang ditulis nganggo basa Tagalog ya iku Doctrina Christiana (Ajaran Agama Kristen), dicithak taun 1593. Buku iku ditulis nganggo basa Spanyol lan sulih basa Tagalog warna loro; kang siji nganggo aksara kuna Baybayin lan liyané nganggo askara Latin kanthi pangeja wiwitan gagrag Spanyol.

Aksara Tagalog Baybayin.

Sajeroning 333 taun paprentahan kolonial Spanyol, manéka paramasastra lan bausastra ditulis déning para pandhita Spanyol, kaya ta Vocabulario de la Lengua Tagala déning Pedro de San Buenaventura (Pila, Laguna, 1613), Vocabulario de la lengua tagala déning wong Céko Paul Klein (wiwitan abad ke-18), Vocabulario de la lengua tagala (1835), lan Arte de la lengua tagala y manual tagalog para la administración de los Santos Sacramentos (1850) saliyané kajian-kajian wiwitan[3] prakara basa iki; nanging pujangga kang wong wiwitan kaya déné Francisco Baltazar (1788–1862) dianggep panulis Tagalog pisanan. Karyané kang paling misuwur ing wiwitan abad angka 19 ya iku wiracarita Florante at Laura.[4]

Robahan sujarah

[besut | besut sumber]

Basa Tagalog séjé saka basa-basa Filipina Tengah liyané ing babagan uni pepet kang kas kulawarga basa Proto-Filipina. Ing basa Bikol lan Visaya, uni iki luluh karo /u/ lan [o]. Éwadéné, ing basa Tagalog uni pepet luluh karo uni /i/. Contoné ing basa Proto-Filipina, tembung *dəkət (dhengket, mèlu) dadi dikít ing basa Tagalog lan dadi dukot ing basa Visaya & Bikol.

Uni *r, *j, lan *z ing basa Proto Filipina luluh karo uni /d/ nanging dadi uni /l/ ing antarané uni swara. Contoné, tembung Proto-Filipina *ŋajan (jeneng, aran) lan *hajək (ambung) ing basa Tagalog dadi ngalan lan halík.

Éwadéné, uni *R luluh karo /ɡ/. Contoné, *tubiR (banyu) lan *zuRuʔ (getih) dadi tubig lan dugô ing basa Tagalog.

Kalungguhan jawatkara

[besut | besut sumber]

Bausastra pepak Tagalog kang pisanan ditulis déning misionaris Yésuit Céko aran Pablo Clain ing wiwitan abad angka 18. Clain ngendikan cara Tagalog lan bisa nulis kanthi lanyah lumantar pirang-pirang bukuné. Dhèwèké pangripta bausastrané kang pisanan, kang banjur dipasrahaké marang Francisco Jansens lan José Hernandez.[5] Impunan karya iku banjur disusun déning P. Juan de Noceda lan P. Pedro de Sanlucar kang dicap lan dibabar kanthi sesirah Vocabulario de la Lengua Tagala ing Manila taun 1754 lan bola-bali dibesut[6] tumeka édhisi anyar taun 2013 ing Manila.[7]

Basa Tagalog diangkat dadi basa resmi lumantar paugeran kapisan Filipina, Paugeran Biak-na-Bato, nalika taun 1897.[8]

Nalika taun 1935, paugeran Filipina nata yèn basa Inggris lan Spanyol dadi basa jawatkarané, nanging amréntahaké murih rembakané lan lestariné basa nasional kang dhedhasar basa asli kang ana.[9] Sawisé dititi lan dirembug, wusana Institut Basa Nasional, kumité kang anggotané pitu lan makili wewengkon-wewengkon ing Filipina, milih basa Tagalog dadi dhasaré basa nasionalé Filipina.[10][11] Présidhèn Manuel L. Quezon nalika tanggal 30 Dhésèmber 1937 mbiwarakaké pamilihé basa Tagalog minangka dhasaré basa kabangsan Filipina.[10] Rong taun sabubaré, ya iku ing taun1939, Présidhèn Quezon ngganti jeneng basa nasional kang adhahasar basa Tagalog iku dadi wikang pambansâ (nagarabasa).[11] Banjur ing taun 1959, basa iki dijenengaké manèh dadi "Pilipino".[11] Paugeran taun 1973 ngesahaké basa "Pilipino", sarta basa Inggris, dadi basa resmi lan wusana dikepyakaké kanthi jeneng Filipino.[12] Paugeran taun 1987 nandhesaké yèn basa Filipino minangka nagarabasa kang kudu dikembangaké sarana basa-basa Filipina utawa basa-basa liyané kang ana.[13][14]

Pasal XIV, Bab 7 ing Paugeran Filipina taun 1987 mratélakaké:

Kanthi minangkani kukum lan tumungkul marang Konggrès, Pamaréntah kudu tumindak miwiti lan ngreksa panganggoné basa Filipino minangka sarana sesambungan resmi lan minangka basa panuntun ing tata wiyata.

— [13]

Basa enggon-enggonan iku basa resmi pambiyantu ing tlatah enggon-enggonan lan mula kudu minangka sarana panuntun pambiyantu.

— [13]

Ing taun 2009, Dhépartemèn Pandhidhikan Filipina ngideraké surat paréntah saperlu yasa tata wiyata multibasa kang dhedhasar basa ibu. Tegesé, basa panuntun ing pamulangan mligi nganggo basa ibuné para murid tumeka saorané klas telu, déné basa liyané kaya ta Filipino lan Inggris diwanuhaké minangka mata wulangan kapisah sabubaré klas loro. Ing pamulangan madya, basa Filipino lan Inggris dadi basa panuntun pokok, déné basa wiwitané para murid minangka basa pambiyantu.[15]

Basa Tagalog iku basa asliné seprapat wong Filipina déné basa kapindhoné mayoritasé.[16]

Pimbagi

[besut | besut sumber]

Basa Tagalog salah sawijining basa Filipina Tengah ing kulawarga basa Austronésia. Amarga sakulawarga karo Malayu-Polinésia, basa Tagalog isih ana gagayutané karo basa-basa Austronésia liyané, kaya ta basa Malagasi, Jawa, Malayu (Malaysia & Indonésia), Tetum (Timor), lan Yami (Taiwan).[17] Saliyané iku uga ana sambung rapeté karo basa-basa ing Bikol lan Kapuloan Visayas, kaya ta basa-basa Bikol lan basa-basa Visayas, kalebu basa Hiligaynon lan Cebuano.[17]

Carabasa

[besut | besut sumber]

Durung tau ana parititi (Ind: penelitian) dhialèktologi kang paripepak (Ind: komprehènsif) kang tau diayahi ing laladané panyatur basa Tagalog, sanajan ana pratelané kang awujud bausastra lan paramasastra warna-warna carabasa Tagalog. Ethnologue nyathet yèn ana dhialèk Lubang, Manila, Marinduque, Bataan, Batangas, Bulacan, Tanay-Paete (Rizal-Laguna), lan Tayabas. Warna-warna carabasané, umligi ana patang carabasa kang pokok ya iku: carabasa Lor (tuladhané carabasa Bulacan), Tengah (tuladhané carabasa Manila), Kidul (tuladhané carabasa Batangas), lan Marinduque.

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Zorc, David. 1977. "The Bisayan Dialects of the Philippines: Subgrouping and Reconstruction". Pacific Linguistics C.44. Canberra: The Australian National University
  2. Blust, Robert. 1991. "The Greater Central Philippines hypothesis". Oceanic Linguistics 30:73–129
  3. Spieker-Salazar, Marlies (1992). "A contribution to Asian Historiography: European studies of Philippines languages from the 17th to the 20th century". Archipel. 44 (1): 183–202. doi:10.3406/arch.1992.2861.
  4. Cruz, H. (1906). Kun sino ang kumathâ ng̃ "Florante": kasaysayan ng̃ búhay ni Francisco Baltazar at pag-uulat ana ing kanyang karunung̃a't kadakilaan. Libr. "Manila Filatélico,". Dibukak ing January 8, 2017.
  5. Juan José de Noceda, Pedro de Sanlucar, Vocabulario de la Lengua Tagala, Manila 2013, pg iv, Komision sa Wikang Filipino
  6. Vocabulario de la Lengua Tagala, Manila 1860 ing Google Books
  7. Juan José de Noceda, Pedro de Sanlucar, Vocabulario de la lengua tagala, Manila 2013, Komision sa Wikang Filipino.
  8. 1897 Constitution of Biak-na-Bato, Article VIII, Filipiniana.net, dibukak ing 2008-01-16
  9. 1935 Philippine Constitution, Article XIV, Section 3, Chanrobles Law Library, dibukak ing 2007-12-20
  10. a b Manuel L. Quezon III, Quezon’s speech proclaiming Tagalog the basis of the National Language (PDF), quezon.ph, dibukak ing 2010-03-26
  11. a b c Andrew Gonzalez (1998), "The Language Planning Situation in the Philippines" (PDF), Journal of Multilingual and Multicultural Development, 19 (5, 6): 487–488, doi:10.1080/01434639808666365, dibukak ing 2007-03-24.
  12. 1973 Philippine Constitution, Article XV, Sections 2–3, Chanrobles Law Library, dibukak ing 2007-12-20
  13. a b c 1987 Philippine Constitution, Article XIV, Sections 6–9, Chanrobles Law Library, dibukak ing 2007-12-20
  14. Gonzales, A. (1998). Language planning situation in the Philippines. Journal of Multilingual and Multicultural Development 19(5), 487-525.
  15. Order No. 74 (2009). Department of Education.
  16. Philippine Census, 2000. Table 11. Household Population by Ethnicity, Sex and Region: 2000
  17. a b Lewis, M.P., Simons, G.F., & Fennig, C.D. (2014). Tagalog. Ethnologue: Languages of the World. Retrieved from http://www.ethnologue.com/language/tgl