Bōnenkai

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Konsumsi unjukan mawi alkohol kanthi jumlah ingkang ageng menika ciri khas bōnenkai.

Bōnenkai (忘年会?) inggih menika pesta ing panutup taun ing Jepang ingkang dipunwontenaken kanthi ancas tilaraken sedaya keawratan ing taun kasebut[1] .[2] Pesta menika boten ngandhut makna agami utawi religius lan boten gadhah standar tata cara nglampahi ananging sampun dados salah satunggaling tradisi khas Jepang.[3]

Adicara ingkang sami ugi wonten ing kabudayan Asia Wétan kados ing Taiwan, Republik Rakyat Cina, lan Korea Selatan. Béda kalihan pesta perayaan Natal wonten ing kabudayan Barat, bōnenkai menika adicara ingkang boten wonten gegayutanipun kalihan agami. Wonten ing Basa Inggris kadang kala pesta menika dipuntarjemahaken dados 'Year End Party, Forget Year Party, utawi boten dipuntarjemahaken lan tetep dipuserat Bounenkai. Pesta menika sampun dados tradisi ingkang unik ing Jepang.[4]. Boten wonten titian ingkang khusus babagan wekdal lan papan, ananging padatanipun dipunwontenaken ing wulan Desember. Bōnenkai saged ugi dipunwontenaken minangka bentuk pesta tutup taun satunggaling perusahaan dumugi pesta sami kempal antawisipun kanca-kanca lan sanak sedhèrèk.[5]

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Asal mula tradisi bōnenkai boten katingal cetha, ananging kinten-kinten asalipun saking manéka jinis adicara kempalan ingkang dipunlampahi ing pungkasan taun déning kelompok-kelompok lan kalangan [6].[7]. Tembung toshiwasure (nglalekaken taun) dipunginakaken kapisan déning Pangeran Fushiminomiya Sadafusa saking zaman Muromachi wonten ing buku padintenan kanthi irah-irahan Kanmon Nikki. Ing entri tanggal 21 wulan 12 taun 1439, piyambakipun nyerat babagan pesta para pujangga renka ingkang gayeng lan jejogetan.[8][9][10] Nalika zaman Edo, pesta tutupan taun dipunmangertosi déning kalangan samurai ingkang ngawontenaken pesta kanggé ngalekaken dukha ing taun menika.[11] Wiwit zaman Meiji, bōnenkai ewah dados kados matsuri. Wonten ing adicara bōnenkai ugi wonten istilah bureikō (無礼講?). Menawi tiyang ingkang langkung inggil jabatanipun nyebat pesta kasebut minangka bureikō, lajeng karyawan ingkang ing padintenan kedah ngurmati majikan pikantuk nglampahi tumindak menapa kemawon.[11]

Bureikō inggih menika pesta dhahar ingkang boten mirsani pangkat lan jabatan. Minangka masarakat agraris mawi dhaharan pokok arupi serealia (beras). Tiyang Jepang pitados bilih pari (lan serealia) kagungan jiwa amargi wonten rohipun. Bibar saben dinten beras dipun-dang (dikukus) dados séda, tenaga roh saking beras saged dados lemah saengga jiwa tiyang ingkang nedhi ugi ndhèrèk lemah. Awit saking menika tiyang Jepang ngawontenaken masturi kagem memulihkan kekuwatan roh beras. Beras ketan dipuntumbuk dados mochi, lan beras dipundamel sake. Barang kekalih menika lajeng dipundhahar lan dipununjuk supados kekuwatan jiwa manungsa ingkang nedhi dados kuwat.[12] Nalika ngawontenaken masturi, mochi lan sake dados sajen ing kuil Shinto. Upacara Naorai (直会?) utawi Reikō (礼講?) arupi nedhi mochi lan ngunjuk sake minangka sajen dipunpitadosi saged ngraketaken antawisipun manungsa kalihan dewa-dewa amargi dewa lan manungsa nedhi mochi lan ngunjuk sake sesarengan.[12] Tiyang ingkang ngunjuk sake rumaos bungah saéngga dipunpitadosi dados raket kalihan dewa-dewa.

Upacara Naorai (Reikō) gadhah rantamanipun tata cara formal lan kedah dipunlampahi kanthi tertib. Bibar upacara Reikō kapungkasan, ingkang ndhèrèk upacara lajeng ngawontenaken adicara piyambak ingkang dipunwastani Bureikō. Upacara Reikō lan Bureikō padatanipun beda papan lan mangkok sake ingkang dipunginakaken ugi dipungantos. Ing antawisipun upacara kalih menika wonten pagelaran nyekar (nyanyi) Utai. Ing adicara Bureikō mangkok sake langkung ageng lajeng menawi sake ingkang dipununjuk wonten ing Reikō menika hiyazake (sake ingkang boten dipunangetaken), sake ingkang dipununjuk nalika adicara Bureikō menika kanzake (sake ingkang dipunangetaken). Nalika ngunjuk sake ing adicara Bureikō, ingkang ndhèrèk Bureikō ugi nglampahi tumindak kanthi bebas.[12][13]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

Referensi[sunting | sunting sumber]

Pirsani ugi[sunting | sunting sumber]

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bōnenkai&oldid=851508"